Senin, 21 Oktober 2013

MBELEH PITHEK (1)



"Mbeleh Pithek"

BANYOLAN GORO-GORO :

Petruk  :
“Gong…..!!”
(=Celuk Petruk onok sanding kombong piteke Bagong ambek usap-usap gelati sing dicekel tangane )

Bagong :
“Opo Truk …?!”
(=Sahur Bagong, sing lagi demek-demek apene nyekel pitik jagone)

Petruk  :
“Gelatine opo uwis koen ungkal …?!”

Bagong :
“Yo uwis Truk …!!
Sewengi aku ungkal-ungkal gelati kuwi Truk …!!”

Petruk :
“Lha kok isik ora landhep babar pisan koyok ngene gelatine Gong !!”
(=Jare Petruk rodhok atos)

Bagong :
“Ah…, mosok sich Truk ….?!
Lha wong uwis tak ungkal wolak-walik sampek pegel tanganku jare ….!!”
(=Sahut Bagong setengah ora percoyo)

Petruk :
“Lek ora percoyo ….
Gowo’en mrene kupingmu cobo tak irise ….!!”

Bagong :
“oh …. Bedhes iku !!
Coba wae siseten dengkulmu dewe…
Lak yoo isok sich Truk ….!!”
(= Bagong mulai mecicil matane …)

Petruk :
“Gelati kethule koyok ngene kok jarene wis diungkal …!!”
Gawe ngiris godhong wae ora suwek …!!”
(Si-Petruk isik wae nggeremeng)

Ora suwe akhire ….
Perjuangane Bagong sing demek-demek koyok Vietkong oleh hasil …
Pithek Jagone sing kesit playune iku akhire kesahut buntute …

Bagong :
“Lha… kecekel kowe sak iki ….
Pithek kesite ora jamak …!!
Rasak’no sak iki …
Kowe apene tak mutilasi gawe bancak’an …!!”
(= Ancam Bagong nang pithek jagone)

Pithek Jago :
“Keooook…..!! Keoook …..!!
Keoook ……!! Kekrrrrr ….!!”
(=Jarene Pithek sing uwis dicekel Bagong, sing artine : “Lepaskan aku … lepaskan aku …!! 
Help me ….!!”)

Bagong :
“Wis…. Ora usah kakean cocot koen sak iki ….!!
Dicekel atek mlayu ngalor-ngidul ….
Sampek nibak’no awakku …!!”

Pithek Jago :
“Keooooook !! Kok…kok…kok …kok…..!!
Keooook…!! Keoook ….!!”
(=Berontak si-pithek, sing artine : “Lepaskan aku…, please !! Lepaskan aku…!! Lepaskan aku…”)

Bagong :
“Wani piro ….??”
(=Jare Bagong, meringis sombong…)

Pithek Jago :
“Keoook …..!! Keokk !! Kokkk … crit ….!!”
(=Sahut si-Pithek mangkel ambek mbuak sesuker nang klambine Bagong)

Bagong :
“Jangkriiik…..!!
Pithek kurang ajar ….!!
Ora onok ampun…, kowe kudhu cepet-cepet…
Dimutilasi gawe syukuran engkok sore …!!”

Pithek Jago :
“Keoooook ….!! Keooooook… kokkkrrr ….!!”
(=”Lepaskan aku ..!! Lepaskan..!! Tolong…!!”)

Sak-kal pithek sak njero kombong podho demo... 
Gedhe cilik, jago celipir, babon lan piyek’e  sahut-sahutan krungu swarane gerangane bengak-bengok njaluk diuculno …


BERSAMBUNG ........