Kamis, 21 Oktober 2010

TAHU - TEMPE


CANGKEM MINGKEM :

Sing dadi lak yoo akale...
Pokok'e isok cukup mbendinane...
Ora sampek kosong wakule...
Pawon isok terus kemebul geni'ne....

Tansaya mung mangan tahu...
Tansaya mung isok nggoreng tempe...
Sing penting akal budine...
Sing penting coro-cara'ne...

Tuku iwak uwis ora kuat...
Tuku jeroan isok asam urat...
Tuku daging isok merinding...
Ndelok rego sak iki uwis ora sebanding...

Karo oleh'e pemasukan...
Karo oleh'e bayaran...
Karo oleh'e ceperan...
Karo oleh'e enthit-enthitan...

Sing penting isok ngguyu...
Senadyan mung isok mangan tahu...
Sing penting isok memble...
Senadyan mung isok tuku tempe...

(Jeritan Wong Budhal Nang Pasar)