Selasa, 28 September 2010

KAHANAN URIP


PAGEBLUG'E WONG URIP :

Uwis ora usah ditutup-tutupi maneh...
Yen kahanan urip koyok mengkene...
Sak'ben ndino mung diuber-uber wektu...
Kanggo luruh kebutuhan'ne urip...

Sing mesti kudhu dicukupi...
Supaya cukup sing dhurung cukup...
Sing mesti kudhu dipenuhi...
Supaya penuh sing dhurung penuh...

Ora sampek kaliren nang alam dunyo...
Ora sampek keluwen nang maya padha...
Ora sampek keleleran nang jagat raya...
Ora sampek kelunta-lunta nang buana...

Golek butuh'e urip sak cukupe...
Golek cukupe urip sak butuh'e...
Golek pamenuhane urip sak madya'e...
Golek madya'e urip sak penuhe...

Direwangi bodho balung...
Supaya isok piagung...
Direwangi bondho urat...
Supaya ora melarat...

Direwangi bondho utek...
Supaya isok ketekan...
Direwangi bondho rai...
Supaya isok ngayahi...

Kahanan sing ora mesti...
Kanggo menungso sing ora isok ati-ati...
Kahanan sing isok mateni...
Kanggo menungso sing seneng maneni...

NGUDO ROSO...