Selasa, 28 September 2010

KABEH PODHO NDUWE HP


SAMBUNG ROSO :

"Oh...alaaaa...
Cilik wujud bekakase...
Tur larang regane...
Kabeh uwong sak iki uwis podho nduwe...

Ora perduli isuk, awan, lan bengi...
Ora perduli uwis mangan opo dhurung...
Ora perduli papan panggonan...
Ora perduli cilik-gedhe, enom-tuwek, wedhok lan lanang...

Kabeh podho nyekeli...
Kabeh podho ngesaki...
Kabek podho mijeti...
Kabeh podho ngingoni...

Sing jarene jaman biyen dhudhuk sak iki...
Sing jarene jaman biyen uwis kethinggalan informasi...
Sing jarene jaman biyen seje karo jaman'ne Saikoji...
Sing jarene jaman biyen sepur lempung dhudhuk sepur wesi...

Sak iki cuma cukup mijet uwis tekok endhi-endhi...
Sak iki cuma cukup mitek uwis oleh informasi...
Sak iki cuma cukup nutul uwis isok nge'rangkul...
Sak iki cuma cukup ndudhul uwis isok gemandhul...

Panchene seje...
Antarane biyen ambek sak iki...
Panchene seje...
Uwong biyen ambek uwong sak iki...

Uwong biyen kekurangan gizi...
Uwong biyen nggak nduwe ambisi...
Uwong biyen sing dipikir mung siji...
Uwong biyen cukup isok nandhur pari...

Sing penting ora mati...
Sing penting ora dibujuki...
Sing penting ora dijejeki...
Sing penting ora diusiri...

Isok mangan ae' uwis syukur...
Isok ngiyup ae' uwis makmur...
Isok tandur ae' uwis subur...
Isok merem ae' uwis tentrem...

Ngrasak'no isok golek kaweruh...
Yen sakben ndino luruh butuh...
Ngrasak'no isok mangan warek...
Yen sakben ndino diurek-urek..
Ngrasak'no ati isok tentrem...
Yen sakben ndino gak isok merem...

Mangkane kowe kudhu akeh kaweruh'e...
Mangkane kowe kudhu akeh syukur'e...
Mangkane kowe kudhu akeh amal'e...
Mangkane kowe kudhu akeh tepo sliro'e...

Marang uwong sing ora nduwe...
Marang uwong sing dadi kere...
Marang uwong sing wetheng'e luwe...
Marang uwong sing podho akeh utang'e...


Ngudho Roso ....