Kamis, 11 November 2010

DINO PAHLAWAN


CANGKRUK'AN :

Bagong :
"Hei..Truk !! Hari Pahlawan iku opo'se Truk ?!"

Petruk :
"Hari Pahlawan... yoo hari ngenang jasa-jasa'e poro pahlawan sing mati berjuang mbelo nusa lan bongso toh Gong...!!"

Bagong :
"Lha kenek opo kok mbelo nusa lan bongso iku Truk ?!"

Petruk :
"Yoo kudhu dibelo...
Naliko jaman iku...Kabeh mbah-mbah'e awak'e dewe kabeh podho mati-matian mbelo negoro...
Saka ancaman'ne bangso manca sing kepingin nginjak'no sikile nang bumi pertiwi iki Gong !!"

Bagong :
"Lha wong ngincak wae kok ora oleh toch Truk ?!"

Petruk :
"Yoo ora oleh..., lha wong ngincak'e kuwi onok niat ape ngerebut negoro'e dewe Gong !!
Yoo... jelas gak terimo mbah-mbah'e dhewe biyen...
Enom-tuwek, wedhok-lanang, gedhe-cilik, wong sugih ambek sing gak gablek podho manunggal bersatu ngusir bongso monco kuwi...!!"

Bagong :
"Terus..., hasil'le opo Truk ?!

Petruk :
"Hasil'le... yoo koyok koen ambek aku sak iki...
Isok enak-enak'an lungguh methingkrang ndukur gerdu...
Njedal-jedul nyedot rokok..., isok mangan warek..., ambek'an longgar gak ngos-ngosan koyok uwong sing diuber-uber mungsuh...!!"

Bagong :
"Oh... ngono tach Truk !! Awak'e dhewe isok mangan warek, lungguh methingkrang ambek njedal-jedul nyedot rokok...!!"

Petruk :
"Yooo... ora kuwi thok Gong !! Delok'en sak iki kemajuan bongso ambek negoro'e dhewe...
Pembangunan tansaya ajeg..., kemajuan ilmu ambek teknologi uwis ora kalah karo bongso liya..., sandang-pangan gampang oleh'e nemok'no...
Koen isok bebas keluyuran mrono-mrono...
Koen isok rabi... nduwe anak...., isok ngawe omah...!!
Anak'mu meneh isok sekolah sampek dukur...., dadi sarjana..., nyambut gawe sing genah...!!
Lak yoo ngono tach sing dikarep'no uwong kabeh iku !!"

Bagong :
"He'e... Truk !!"

Petruk :
Mulo kuwi..., awak'e dhewe kabeh kudhu isok mikul duwur lan mendhem sing jero karo jasa-jasa'e poro pejuang kemerdekaan bongso Gong...!!"

Bagong :
"Lha cara'ne koyok opo Truk ?!"

Petruk :
"Kudhu sregep tumandang nyambut gawe, sinau, lan mendukung program-program pemerintah sing wujud'te pembangunan nang segala bidang...
Kudhu siap-sedia nyincing lengen klambi melok ndukung tercipta'ne keamanan lan ketertiban'ne lingkungan, bongso, lan negoro...
Wani..., rela berkorban bondo lan nyowo gawe persatuan'ne bongso...!!
Ojok sampek di-idhek-idhek bongso liyo maneh...!!"

Bagong :
".........ehm ngono tach !!"

Petruk :
"Uwis paham opo dhurung kowe Gong...?!"

Bagong :
"Uwis Truk....!!"

Petruk :
"Lek uwis paham..., ayok nang omah'e kang Gareng sak iki...!!"

Bagong :
"Olah lapo nang omah'e kang Gareng...!!"

Petruk :
"Awak'e dhewe diundang slametan...!!"

Bagong :
"Slametan opo kang Gareng... Truk ?!"

Petruk :
"Nyelameti kucing'e kang Gareng mari nglair'no....!!"

Bagong :
"Oh... wedhos koen iku Truk...!!"

Petruk :
"Huahahahahaha.......!!"