Kamis, 30 Desember 2010

MALAM TAHUN BARU 2011


NGUMBAR NAFSU :

Malam hari...
Menjelang Tahun Baru 2011...
Suasana di desa Karang Tumaretis Pukul 20.00 WIB...

Kabeh menungso podho semburat...
Sliwar-sliwer...
Ngalor... ngidul...
Ngetan... ngulon...
Bleyer-bleyeran...

Kabeh papan podho rame isi uwong ...
Kabeh panggonan podho kebak menungso...
Pringas-pringis... nguyu cekakak'an ...
Pecical-pecicil... ngolek kesenangan ...
Tolah-toleh... akeh sing ditoleh...

Bolak-balik ndelok jam tangan...
Riwa-riwi golek hiburan...
Uyel-uyelan...
Dhusel-dhuselan...
Dhesek-dhesek'an...

Sing penting isok hepi bengi iki...
Sing penting isok bebas... bas bengi iku...
Sing penting isok jingkrak-jingkak bengi iki...
Sing penting isok keluyuran iki engkok...
Sing penting isok melok sorak bengi iku...

Gak perduli arek enom lan tuwek...
Gak perduli arek cilik lan gedhe...
Gak perduli arek lanang lan wadhon...
Gak perduli isik bujang lan uwis anak-anak...
Gak perduli awak loro... lan sehat...

pokok'e isok melok melek bengi...
Pokok'e isok ngak sampek keri ...
Pokok'e isok ngawe sensasi...
Pokok'e isok nyumet amunisi... (mercon)
Pokok'e isok mbakar sesaji...

Gawe nyambut malam tahun baru...
Gawe nyakseni malam tahun dua ribu sebelas...
Gawe njelang pergantian tahun...
Gawe ngucapno Selamat Tinggal Tahun Lawas...
Gawe ngucapno Selamat Datang Tahun Anyar...

Akeh sing podho nggowo terompet...
Akeh sing podho nggowo mercon...
Akeh sing podho nggowo gendhak'ane...
Akeh sing podho nggowo botol minuman'ne..
Akeh sing podho nggowo anak-bojo sak mertuwo'e...

Pokok'e.... akeh....
Ora isok tak gambar'no maneh...
Situasi bengi iki engkok...
Sing penthing... ayok konco kabeh...
Ojok sampek lali...
Karo Tobat lan Syukure yooooo .....!!!