Kamis, 31 Maret 2011

GARENG NGROMBENG ROSOKAN


DAGELAN :

Suatu sore di Karang Tumaritis.
Petruk dan Bagong sedang asyik ngobrol ngalor-ngidul methingkrang di atas gardu pos kamling.

Petruk :
"Koyok opo nasib'e awake dewe Gong...?!
Lontang-lantung nggak duwe pekerjaan koyok ngene...?!"

Bagong :
"Sabar Truk ...!!
Sopo weruh meneh opo emben awake dewe isok nemu penggawean sing cocok...!!"

Petruk :
"Tapi..., aku isin lho Gong...!!"

Bagong :
"Isin karo sopo...?"

Petruk :
"Isin karo awakku dewe Gong...!!
Sakben ndino mung lontang-lantung ndomblong...
Cangkruk'an...tenguk-tenguk nang gerdu...
Tolah-toleh koyok kebo kophok'en...
Nggak produktif... mung isok memble wae...!!"

Bagong :
"Iku lak pikiranmu Truk...!!
Enjoy wae Truk... nikmati urip bebas koyok ngene iki...!!"

Petruk :
"Enjoy dengkulmu kuwi...
Kowe enak isik bujangan...!!
Lha aku uwis gerang daplok... athek uwis anak-anak pisan...
Nganggur nggak nduwe kerjoan...
Mangan opo anak-bojoku nang omah...?!"

Bagong :
"Yooo... panganono watu Truk...!!"

Petruk :
"Raimu Gong...!!"

Tidak lama kemudian Gareng lewat dengan segerobak barang rosokannya di depan mereka.

Bagong :
"Dhelok'en Truk....!!
Onok pengungsi Jepang sing mari kenek Tsunami pindah omah...!!
Opo'ae sing digowo Kang Gareng iku...?!"

Petruk :
"Hehehehe...!!
Kang Gareng....!! Mrineo Kang...!!" (Petruk memanggil Gareng)

Gareng :
"Petruk.... lan Bagong....!!
Wah...wah...wah...!! Generasi muda kok koyok ngene...!!
Ck...ck...ck..., kapan kowe kabeh isok berubah...?!"

Bagong :
"Berubah koyok opo Kang Gareng ...?!
Dadi Power Ranggers maksudmu...??"

Gareng :
"Oh... wedhos iku...!!
Goblokmu nggak tambah enthek... malah tambah wuakeh...!!"

Petruk :
"Tekok keliling menyang endhi wae sampeyan Kang Gareng...?!"

Gareng :
"Puter-puter Truk...!!
Mulai tekok wetan deso sampek kulon deso..., terus mbalik mulih mrene iki...!!"

Bagong :
"Keliling ambek nggowo gerobak bosokmu kuwi Kang...?!"

Gareng :
"Yoo... iyo Gong !! Lha wong iku sandang panganku jare...!!"

Bagong :
"Sandang pangan opo.iku....?!
Sandang pangan kok ngrobeng barang rosokan...!!"

Gareng :
"Sing rosok'an iku kowe lan kowe...!! (Gareng menunjuk Bagong dan Petruk)
Isik jam wayahe uwong nyambut gawe...
Kowe kabeh podho enak-enak'an pethingkrangan nang ndukur gerdu...
Opo ora isin didhelok tonggo kiwo-tengen...?!"

Bagong :
"Olah opo aku isin Kang Gareng...?!
Cuek aja....!! Enjoy aja Bro....!!
Sing penting isok mangan warek ambek rokok'an...
Khan beres toch...?!"

Gareng :
"Ooooh... dasar wedhos yoo... tetep wedhos kowe iku Gong...!!
(Gareng matanya mulai memerah)
Kowe isik bujangan..., lha Petruk uwis anak-anak...!!
Nduwe tanggung jawab ngingoni anak-bojo...!!"

Petruk :
"Sabar Kang Gareng...!! Panchene Bagong iku watek'e koyok ngono...
Dituturi apik-apik karo dulur nggak nerimo sing apik...
Malah mbesosol mbantah wae...!!"

Bagong :
"Aku nggak mbantah...?!"

Petruk :
"Ngono iku jenenge mbantah Gong... cah nganteng sak gunung kendeng...!!"

Bagong :
"hehehehe....!!"

Gareng :
"Dhelok'en aku...
Tak rewangi ngrombeng nggolek barang rosokan...
Nglelesi barang nang tong sampah...
Tak pilihi endhi sing isok di adhol ambek sing endhi sing ora payu diadhol...
Supaya anak-bojo isok mangan warek...!!"

Petruk :
"..........ehmmmm........!!"

Gareng :
"Nyambut gawe melok uwong kuwi soroh...
Opo maneh nyambut gawe melok negoro...
Lowongan kerjo uwis ora onok sing gelem mbukak...
Onok sing mbukak sitok wae sing antri ora ilok-ilok wuakeh'e...
Sing diterimo kuwi mesti onok hubungan kadhang sedulurane dhewe...
Dadi akeh pengangguran sing pathing keluyur ora nduwe bayaran...!!
Rugi karo sekolahe sing dhukur kuwi..."

Petruk :
"Penghasilanmu ngrombeng kuwi piro Kang Gareng...?!"

Gareng :
"Ora mesti..., tergantung Gusti sing maringi rejeki...!!
Sing penting ora tumindak sing ora bener...
Pek-pinek barange uwong liyo...
Nggak ngelanggar tatanane negoro...
Urip ayem tentrem...
Uwong sing nang omah isok mesam-mesem wae uwis cukup...!!"

Petruk :
"Yen... koyok ngono meneh isuk aku tak melok sampeyan Kang Gareng...!!
Aku ajarono carane nyambut gawe ngrombeng yoo Kang...!!"

Gareng :
"So...pasti Truk...!!" (Jawab Gareng puas dapat menyadarkan pikiran si-Petruk)

Bagong :
"Kowe melok Kang Gareng ngrombeng Truk...?!"

Petruk :
"Iyo Gong...!! Onok opo...?!"

Bagong :
"Petruk dadi tukang rombeng.....?!
Apa kata dunia......??!

Petruk :
"Ohhhh.... dasar kowe iku......"

Gareng dan Petruk :
"Wedhossss......!!"

Bagong :
"Hehehehe....., enak'an dadi wedhos sakben ndino mung dipakani....!!"

Gareng dan Petruk :
"Heheehhehe......!!"

Selesai sudah obrolan ngalor-ngidul dari tiga sekawan tersebut ketika langit diufuk Barat sana sudah beranjak gelap.