Jumat, 29 April 2011

NGGANDOL BUS KOTA


NGUDO ROSO :
Awan iku si-Gareng melok nggandol bus kota. Dewek'ne numpak saka Joyoboyo ape'ne nang Pasar Kembang... Biasa kulak'an pakan manuk. Hus..... Ojok mbok artino liyo lho yooo...!!
Njelala si-Gareng numpak Bus Kota sing uwis miring mengiwa amerga kebakan penumpang... Ngono yoo... isih wae ditetel-tetel'no kondekture yen onok uwong awe-awe pinggir embong melok menclok.
Penumpang liya-liyane sing uwis umeb (= mendidih) awake podo komentar...
"Bis'se uwis penuh penumpng'e cak Kondektur....!! Kok isih ngangkut uwong wae...!!"
Ora direken lan digubris saur manuk saka penumpang iku... Gak perduli sing penting oleh hasil wuakeh..., Engkok oleh bathi wuakeh... cukup di-andom wong loro karo sopir plus dipotong setoran... pikire kondektur.
Lha yoo... Uwong sing melu numpak bis kuwi... Munggah kinyis-kinyis koyok londho, bar mudhun lungset lecet, ngeringet koyok tape kematengen... Bis uwis ora sedeng koyok ngono yoo ijik isik wae di-iseni dakonan menungso... Protes Mahasiswa sing katutan menclok njero bis amergo ngirit sangu...
Ngono uga isik onok wae sing gelem menclok gemandul ngarep lawangan bis.. ketimpal-ketimpul keterak angin... lan dioncat-ancit'no bis sing bolak-balik mandhek nge'rim ndhadak...
Mlakune bis keseok-seok nyiilir... Ora gelem banter...
Gelem banter yen nang mburi uwis kethok tekok spion yen onok bis liyo siap ngajak banter-banteran nguber setoran...
Supir'e melek-merem ndelok spion...
Pringas-pringis koyok garangan... ndodho'no untune sing sak genteng-genteng...
Lambene mesam-mesem amergo uman keduselan susu'ne arek perawan sing onok sandinge...
Rokok'e kebal-kebul koyok knalpot... Opo ora weruh sing lungguh mburi iku simbah tuwek sing bolak-balik watuk... Terus ngidu.... Mak... Pyuch....!! Sak enggon-enggon. Yekkk.... ngilani...., jarene arek wedhok rodhok manis sandhinge si-Gareng.
Gareng bolak-balik meringis kecut... Amerga sikil'le sing uwis dhingklang sese kuwi bolak-balik di-incak wong gedhe dhukur genthot awak'e...
"Ojok-ojok iki sing jenenge copet....!!" Pikir Gareng waspada ambek bolak-balik ngrogo dumpete nang kesak mburi...
Rasane tambah sedih lan keronto-ronto urip nang Suroboyo, nalika kerungu arek cilik ngowo echek-echek ngamen njero bus nyanyi lagu...
"Kering sudah rasanya air mataku...
Terlalu banyak sudah yang tertumpah...
Menangis meratapi buruk nasibku...
Nasib buruk seorang tunawisma...

Langit sebagai atap rumahku
Dan bumi sebagai lantainya
Hidupku menyusuri jalan
Sisa orang yang aku makan

Langit sebagai atap rumahku...
Dan bumi sebagai lantainya...
Hidupku menyusuri jalan...
Sisa orang yang aku makan...

Jembatan menjadi tempat perlindungan...
Dari terik matahari dan hujan...
Begitulah nasib yang aku alami...
Entah sampai kapan hidup begini...

Hm-hm-hm-hm-hm-hm-hm hm-hm-hm....."
Kabeh penumpang sing uwis podho kepanasan mek isok meringis kecut... Nalika wadahe aqua plastik di-todhong'no nang ngarepe ambek si-pengamen cilik sing ngidola'no "Klanting" dadi juara IMB (=Indonesia Mencari Bakat)......
Ora suwe maneh..., si-Gareng mudhun nalika si-konduktur mbengok banter nang penumpange bus. "Pasar Kembang..... Pasar Kembang....!!"