Selasa, 07 Juni 2011

REBUTAN BALUNG TANPO ISI DRAMAKOE...


Jenis Drama : Humor/Guyonan
Genre : Campursari Suroboyoan
Momentum : Perpisahan Sekolah Siswa Kelas VI SDN. Kedungdoro III/308 Surabaya
Tahun : 2008-2009


BABAK I : POJOK KAMPUNG

Cak Bogel :
“Oalah nasib… nasib… !!
Tambah suwe… orep-ku kok tambah sengsoro…
Noleh kiwo nggak ditunggok wong tuwo…
Noleh nengen nggak onok sing diangen-angen.
Noleh mburi awak-ku mesti paling keri..
Noleh ngarep ora onok sing diarep-arep.
Bendino keadaan ekonomi kok pancet mlarat
Koyok ngene…
Utang akeh nggak onok entek-e.
Penghasilan nggak mesti onok…
Bojo bolak-balik manak-ae….
Opo maneh saiki persoalan urusan pawon.
Lek masak kudhu nggawe kompor gas…,
nggak suwe rego bensin melok-melok mundhak
Opo gak ajor momor orep koyok ngene iki…!”

Cak Klowor :
“He… Gel !!”
Uwong kok ngomel-ae.. koyok wong gendheng !!”

Cak Bogel :
“Wong gendheng dengkolmu iku… Wor !!
Teko-teko nggak ngowo jajan…
Opo maneh nggowo rokok…
Malah ngulok-no aku koyok wong gendheng…!!”

Cak Klowor :
“Opo aku iki puthu-mu tah… kok dikongkon nggowo jajan… !!
Sorry Gel… ngono-ae koen wis pecical-pecicil…
Soal-e tak dhelok-dhelok tekok kadohan koen kok pringas-
pringis dhewe…!! Aku lak yo wedhi…, kuatir duwe konco sing
awak-e genthong dadi wong edan..!! ”

Cak Bogel :
“Ngulok-no pringas-pringis….
Opo aku iki mbok anggep garangan tah… !!
Ngulok-no maneh awak-ku sak genthong…..,
Opo koen yoo nggak ndelok awak-mu dhewe…
Wong awak-mu yoo gedhe-ne koyok gerdu !! “

Cak Klowor :
“Hehehe….
Guyon-guyon Gel… !!
Oh iyo.. mumphung ketemu awak-mu nang kene.
Koen di goleki Cak Bongkreng… !!”

Cak Bogel :
“Onok opo …cak Bongkreng nggolek-i aku Wor ?”

Cak Klowor :
“Jarene koen ape ngedhol TV-mu sing nang omah…!!”

Cak Bogel :
“Oh iyo… TV-ku tak dhol…. Telong Atos Ewu !!
Yak opo maneh Wor… kepekso… tak dhol !!
Gawe mangan ambek nyaor utang-ae yoo gak cokup
Opo maneh njagak-no hasil-e nguli bangunan !!”

Cak Klowor :
“Opo bojo-mu sek seneng njopok kriditan nang Abang Panci
Gel… ??”

Cak Bogel :
“Pancet Wor…!! penyakit-e sitok iku nggak waras-waras.
Tambah kumat-kumaten- ae !! Saben ndhino onok-ae barang
sing gak pokro dijopok…,
opo dipeker bojone iki anggota DPR bek-e !!”

Cak Klowor :
“Kowe kudhu teges Gel…
Bojoku biyen yoo ngono penyakit-e
Saiki wis gak wani njopok kriditan….
Sak wis-e tak omeli….”

Cak Bogel :
“Bojomu enak Wor…. Wong-e sabar…. Norot pisan ambek koen… !!
Lha bojoku…wong-e koyok Branjangkawat ….!!
Tak omeli pisan …., sidho aku disawat ulek-ulek !!”

Cak Klowor :
“Hehehe…..!!
Ngomong-ngomong… Yak opo sidho-e TV-mu iku…..??”
Cak Bogel :
“Yoo… sidho tak dhol Wor….
Tapi……?!”

Cak Klowor :
“Tapi opo maneh…..?!

Cak Bogel :
“Tapi TV-ku saiki wis rusak…, nggak methu gambare Wor !!”

Cak Klowor :
“Nggak methu gambar-e…, yak opo se koen iku !!
TV rusak yoo ape di dhol… !!”

Cak Bogel :
“Mangkane iku saiki aku tulungen Wor ?!
Koen lhak konco-ku sing akeh akale…
Carane yak opo TV-ku sing rusak iku sidho dituku
Cak Bongkreng ?!
Lek sidho dituku engkok tak perseni !!”

Cak Klowor :
“Ngono tah…, yoo wis demi nolong konco….
Aku duwe akal…, kene kopeng-mu sing kiwo tak bhisik-i !!”
Ck..ck..ck…, Iki kopeng opo sapitheng Gel…, binatang opo-ae…
Sing orep nang njero kopeng-mu iki…!!
Resik ono kopeng-mu Gel…!!”

Cak Bogel :
“Jangkriik…., koen iki kok sik ngece aku-ae Wor !!
Wis ero-ero lhek kopeng-ku iki kophok-en !!”

Cak Klowor :
“Hehehe…..
Kene tak bhisik-I kopengmu …. sett…pseet…..psett !!”

Cak Bogel :
“Gak rugi temen aku dhuwe konco koyok koen iki Wor !!
Onok-ae akalmu iku..”

Cak Klowor :
“Yoo iyoo gak rugi koen dhuwe konco koyok aku Gel !!
Wis nggak usah kesuwen ayoo nang omah-mu saiki !!”

Cak Bogel :
“Ayook wis….budhal saiki ….!!”


BABAK II : OMAH-E CAK BONGKRENG

Mak Ton :
“Cak… cak… cak Bongkreng…!!
Nang endi wergol sitok iki….??
Digoleki muter-muter gorong ketemu ketemu…
Jarene arep sarapan… !!
Sego-ne wis mateng cak… !!
Cak… cak…. Cak Bongkreng…!!”

Cak Bongkreng :
Olah opo se Ton bengak-bengok…ae
Tak rungok-rungok-no ket mau embak-embek-ae… !!”

Mak Ton : “Sampeyan kiro aku iki wedhos… tah cak !!
Kok ngarani uwong embak… embek-ae…!!
Iko lho cak sarapan-ne wis mateng…!!”

Cak Bongkreng :
“Sarapan opo seh Ton… ??
Kok sawangane nyelok aku koyok nyelok kucinge-ae !!”

Mak Ton :
“Iko lho… Peno ndang sarapan kono… !!
Sego-ne wis mateng…
Ndang sarapan ambek sambel goreng Cak… !!”

Cak Bongkreng :
“Sambel goreng ati yooo Ton ??”

Mak Ton :
“Oalah cak manis-se peno… cak !!
Dhudhuk sambel goreng ati …,
Tapi sambel goreng tekos….!!
Peno mblanjani aku piro cak…??
Athek njalok sambel goreng ati iku….!!”

Cak Bongkreng :
“Lho…Opo duwek rong karong seng tak kek-i winggi
Wis enthek Ton…!!
Koen iku ojok boros-boros tah Ton….Ton !!
Wis ngerti saiki jaman-ne sembarang kebutuhan larang !!”

Mak Ton :
“Ngomong opo peno Cak… ??
Athek ngomong ngekek-i aku duwek rong karong… ?!
Mblanjani wong wedhok-ae leren direwangi golong-golong
dhisik… !!”

Cak Bongkreng :
“Pancen-ne metheng-e awak-mu biyen…
Mak-mu gawean-ne ndelok tandak bedhes Ton…!!
Mangkan-ne koen seneng golong-golong… koyok bedhes !!”

Mak Ton :
“Wis nggak usak kakean cocot peno… Cak !!
Kono ndang sarapan…!!
Engkok lek aku kadhong gregeten tak tumplek
Sego sak wakol nang mburi iku…!!”

Cak Bongkreng :
“Iyo… Iyoo Ton…, aku tak sarapan. “

Kliwon :
“Assalamu ‘alaikum … !!”

Mak Ton :
“Wa ‘alaikum sallam … !!
Kowe toh Won…., onok perlu opo ??”

Kliwon :
“Cak Bongkreng wonten tah mak …??”

Mak Ton :
“Onok…Le… !!
Iko… wong-e sik sarapan ambek kucing-e
Nang mburi kae…!!”

Kliwon :
“Niku pesen mawon kale Cak bongkreng…
Dikengken mendhet TV-ne ten ngriyo-ne Cak Bogel !!”

Mak Ton :
“Kowe kok kesusu-ae Le…
Gak ngenteni ca-cakmu dhisik tah ??”

Kliwon :
“Mboten Mak…, kulo kesusu… !! “
Sampun dienthosi tiyang…wonten ngriyo !!”

Mak Ton : “Saiki kowe dadi wong penthing yoo Le… ??
Athek akeh wong sing podho ngenteni kowe…”

Kliwon : “Mboten mak…
Cuma bisnis cilik-cilik-an mawon kok…!!”

Mak Ton : “Wadoh…., hebat tenan kowe Le… !!
Bisnis opo Le kowe saiki…. ??”

Kliwon : “Niku mak… bisnis ngamen kale konco-konco…!!”

Mak Ton :
“Oalaah… Le… Le… !!”
Bisnis ngamen tibak-no….
Yoo wis… engkok tak sampek-no nang Cacak-mu !!”

Kliwon :
“Ngge sampun Mak… kulo nyuwon pamit.
Assalammu ‘alaikum … !!”

Mak Ton :
“Wa ‘alaikum sallam….!!”

Cak Bongkreng :
“Hem…, ehem…. !!
Enak tenan mari sarapan…!!
Wethengku saiki wis warek… Ton !!
Saiki karek ngantuk-e… !!
Tak klesetan sek yoo Ton !!”

Mak Ton :
“Enak yoo… kowe Cak…!!
Mari mangan apene klesetan…. !!
Sidho tak siram banyu tremos sampeyan engkok!!”

Cak Bongkreng :
“Ojok jahat-jahat tah Ton… Ton dadi wong wedhok iku…
Mosok aku apene turu mbok siram banyu tremos…!?”

Mak Ton :
“Yoo… gak jahat se Cak…. !
Mosok mari sarapan gak budhal nyambot gawe…
Malah apene budhal klesetan …!!”

Cak Bongkreng :
“Saiki lak dino minggu,,,
Pabrik lak yoo prei toh Ton…Ton !!”

Mak Ton :
“Oh… iyo saiki dino minggu….
Sepurane yoo Cak…!!”

Cak Bongkreng :
“Mangkane lek ngomong ojok mbesosol-ae !!”

Mak Ton :
“Oh…, iyo Cak… mau Kliwon mrene…
Jarene dikongkon Cak Bogel…
Peno dikongkon njupuk TV-ne saiki….!!”

Cak Bongkreng :
“Oh… iyo…, aku lak onok janji ambek Cak Bogel.
Dhewek-e janji ngedhol TV-ne nang aku….
Lumayan Ton !!
TV rong poloh in didhol mek telong atos ewu !!”

Mak Ton :
“Murah Cak….
Ndang ditegep-ae TV-ne saiki Cak…!!
Enggkok selak ditegep wong liyo… !!
Tapi duwek endhi maneh sing Peno gawe tuku Cak ?!’

Cak Bongkreng :
“Tegap… tegep koyok manok-ae…!!
Duwek simpenan-ku olehe togel winggi lak yoo jek onok !!”

Mak Ton :
“Duwek iku tah….,
Sing sampeyan simpen nang jero-ne kaos kaki iku tah…!?
Wingi uwes tak tempor-no beras ambek tuku gulo Cak…!!”

Cak Bongkreng :
“Wadooh Ton…Ton …!!
Duwek nang jerone kaos kaki-ku wis mbok jopok”
Clutak ambek goblokmu kok gak enthek-2 seh Ton..Ton !!
Duwek iku jaga-ne gawe tuku TV-ne Cak Bogel”

Mak Ton :
“Mangkane tah Cak… !!
Lek duwe duwek iku ojok di dhelek-no tah… !!
Pirang-pirang dino sampeyan wis nggak ngekek-i aku duwek blonjo…!!
Ojok disalah-no aku lek lancang njupuk duwek mu nang jero kaos kaki iku…!!”

Cak Bongkreng :
“Pancen koen iku koyok tekos… Ton…Ton !!
Saiki yak opo…, aku wis kadhong janji njupuk TV.
Isok gegeran tenan aku ambek Cak Bogel….!!”

Mak Ton : “Yoo wis… sepurane sing akeh yoo… Cak !!”

Cak Bongkreng :
“Bolak-balik njaluk sepuro-ae kowe iku Ton…Ton !!
Tapi kelakuan-mu iku lho sing nggak tau berubah…!!”

Mak Ton :
“Iyo… Cak.
Yak opo maneh wis kadhung….
Saiki ngomong-ae terus terang marang Cak bogel…
Lek sampeyan gak sido tuku TV-ne…
Soal-le dhuwek-e nggak onok…. Lak wes beres Cak !!”

Cak Bongkreng :
“Beres… beres udelmu coplok iku….
Yoo wis aku tak mrono saiki….. !!”

BABAK III : OMAHE CAK BOGEL

Mak Yah :
“Oalah yoo… yooo !!
Ndelok Cak Bogol gak tau soboh omah…
Penggawean-ne ngeluyur-ae…
Mbok yoo waktu-ne iku digawe golek penggaweaan…
Gak digawe cangkruk-an ae nang pertelon embong
Koyok arek enom-ae…!!
Cengar-cengir nggudho-i prawan sing liwat…
Ngono iku opo gak ngisin-ngisin-ni keluarga…
Wong wis tuwek barang sik pethakilan-ae penggawean-ne.”

Blontang :
“Mak…, mak… !!
Njalok duwek-e.....!!"

Mak Yah :
“Duwak-duwek-ae koen iku Blontang !!
Emak wis nggak duwe duwek sak repes-so…!!
Emak-ae gak adang dino iki….
Delok-en kono nang mburi lek koen gak percoyo…
Wakule emak podho mengkurep digawe kuceng klesetan !!”

Blontang :
“Wadooh Mak…, aku engkok diseneni Pak Yono… maneh !!
Saiki wayahe mbayar ujian sekolah lho yoo Mak…!!
Lek gak mbayar saiki meneh aku gak isok melok ujian…!!”

Mak Yah :
“Yoo engkok dhisik ngenteni Bapak-mu…
Menehi duwek nang emak…!!”

Blontang :
“Bapak iku yoo ngono….
Keluyuran-ae penggawean-ne gak mole-mole…
Kadhung pegel atiku …
Engkok lek Bapak turu tak cancang-ae sikile cek gak isok keluyuran… !!”

Mak Yah :
“Emak yoo ngono Le…
Gregeten ambek Bapakmu….
Pancen wong sitok iku kudhu tak CTM-ae …!!

Blontang :
“Ojok di CTM Mak…. Kenak-en Bapak engkok turu thok
Koyok Pak Joko guru olah raga-ku…
Paling enak diprotoli-ae sekel ambek tangan-ne…!!”

Mak Yah :
“Opo Bapakmu iku mbok anggep walang kadhung…
Ape-ne mbok protoli sikel ambek tangan-ne…?!”

Blontang :
“Yoo wis Mak…aku budhal sekolah-ae…!!
Ojok lali yoo Mak… !!
Engkok jalok-no duwek nang Bapak !!”

Mak Yah :
“Yoo wis Lee… ndang budal kono…
Ati–ati nang dalan…!!
Maturo Pak Yono…, bayar ujian sekolah-ne
Mengko dibayar Bapak-mu dhewe yoo...!!”

Blontang :
“Aku budhal Mak….!!”


Mak Yah :
“Sak-no ndelok Blontang anak-ku siji iki..
Wayahe mbayar sekolah-ae sampek gak keturutan…
Pancen sing kebacot iku Bapak-e…
Wong lanang gak enthos golek duwek…
Penggawean-ne mangan, turu, ngluyur-ae saben dino…
Ngrokok gak onok leren-ne …, Opo maneh wayahe mangan…, mesti ngentekno sego rong wakol… Lha wong bolak-balik emboh…
gak onok warek-e…!!
Tak delok-delok weteng-e saiki lak koyok genthong !!”

Cak Bogel :
“Ngomel opo-ae koen Yah…. !! Uwong kok senengane
nggeremeng-ae koyok kumbang…!!”

Mak Yah :
“Oalah Cak…, aku nggak nggeremeng-ae yak opo…
Aku iki ngesak-no ambek Blontang endok peno… !!”

Cak Bogel :
“Kenek opo Blontang Yah…!?”

Mak Yah :
“Pancen sing kebacot iku peno Cak… !!
Arek iku arep-arep peno mulai isuk mau….!!
Peno gak teko-teko…, ngluyur nang endi-ae Peno iku ?!”

Cak Bogel :
“Ngluyur nang endhi….,
aku yoo sek muter-muter golek gawean Yah…!!”

Cak Kowor :
“Sak iki nang endi arek-e mbak yu… ?!”

Mak Yah :
“Yoo wis budhal sekolah Cak Klowor… !!
Lha wong arek wayah-e mbayar ujian sekolah …
Bapak-e iku gorong ngekek-i duwek…!!
Lak yoo sak-no arek iku diseneni Pak Yono terus…!!”

Cak Bogel :
“Yak opo maneh Yah….
Aku wis usaha ngalor-ngidul golek kerjo-an yoo sek gak oleh-oleh…!!
Kepekso TV-ne dhewe tak dhol Yah…
Engkok duwek-e isok gawe mbayar ujian-ne Blontang !!”

Mak Yah :
“TV rusak ngono opo yoo onok sing nuku Cak !!”

Cak Bogel :
“Sing dadi lak yoo akale Yah… !!
Yak opo TV rusak iku dadi duwek….
Lak yoo ngono Wor…!!”

Cak Klowor :
“Iyo… Mbakyu…, sing penting lak carane tah !!”

Mak Yah :
“Sopo sing gelem nuku TV-ne dhewe Cak ?!”

Cak Bogel :
“Sopo maneh lek gak Cak Bongkreng !!”

Mak Yah :
“Cak Bongkreng….!!
Cek kendel-le sampeyan Cak…. !!
Athek wani-wani ngedhol TV rusak nang Cak Bongkreng !!
Cak Bongkreng nduwe darah tinggi lho Cak…!!”

Cak Bogel :
“Opo hubungan-ne TV-e ambek darah tinggi-ne Cak Bongkreng…Yah ?!”

Mak Yah :
“Oalah Cak…, cek gobloke se… peno iku…
Wong sing duwe darah tinggi iku gampang morang-moreng.
Opo engkok Cak Bongkreng gak ngamok lek akhire ero peno bujuki…!!
Wis aku nggak melok-melok saiki…
Paling enak tak tinggal nang pawon-ae…!!
Tanggung-en dhewe resikone lho Cak !!”

Cak Bogel :
“Yoo tak tanggung dhewe resiko-ne…
Wong wedhok ora usah melok-melok…!!”

Cak Klowor :
“Saiki ayo disiap-no TV-TV-ane Gel…,
Ayo ditotoh sing apik !”

Cak Bogel :
“Ayok Gel…!!
Ditekek kene-ae….!!
Koen ndang ndelik nang mburi-ne…!!
Cak Bongkreng selak teko…
Janji-ane lak jam songo iki”

Cak Klowor :
“Iyo.. aku tak ndelek dhisek…Gel !!”
Saiki enthen nono tekone Cak Bongkreng…!!
Atur-ren sing apik perjanjian-ne yoo Gel !!”

Cak Bogel :
“Beres Wor…, ojok kuatir !!
Lha kae wong-e pethentang-pethenteng tekok adoh…
Koyok mari sunat… Ayo wis ndang siap-siap…!!”
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . .

Cak Bongkreng :
“Kulo Nuwon….!!”

Cak Bogel :
“Wealah… Cak Bongkreng….
Ayo mlebu kene Cak….!! Peno tak entheni ket-mau..!!”

Cak Bongreng :
“Endhi barang-e sing mbok dhol Gel…?!”

Cak Bogel :
“Lha iku methangkreng nang ndokor mejo Cak !!

Cak Bongkreng :
“Wah apik yoo TV-mu Gel..!!”

Cak Bogel :
“Yoo iyo Cak…, lha wong tukune-ae nang Malaysia !!
Tapi yoo ojok lali lho Cak ambek perjanjian-ne…
Koyok nang supermarket-supermarket iku…!!”

Cak Bongkreng :
“Perjanjian sing opo maneh Gel..?!”

Cak Bogel :
“Perjanjian sing unine ngene….
Barang sing wis dituku gak isok dibalek-no maneh…!!”

Cak Bongkreng :
iyo… iyoo Gel aku ngerti…
Tapi yoo tak cobak-ane dhisik program-e TV iki… !!”

Cak Bogel :
“Peno cobak-i dhisik Cak bongkreng…
Lek wis cocok ndang bayarono….!!”

Cak Bongkreng :
“Endhi remote TV iki Gel…!!”

Cak Bogel :
“Gawe opo remot…Cak !!
Iku wis kuno…., TV iki nggak gawe remot….!!
Cokop peno njalok acara opo….
Ambek keplok-keplok ping telu…
TV-ne engkok wis mlebu nang acara-ne Cak !!”

Cak Bongkreng :
“Hebat temen TV-mu iki Gel…
Opo TV Malaysia iku canggeh-ne koyok ngono tah ?!
Yoo wis tak jajal-le dhisik….
Saiki aku njaluk acara dangdut….
(Tepuk Tangan 3 X)

Cak Klowor :
“Baiklah para pemirsa di rumah…
kini kita tampilkan seorang penyanyi Dangduuut yang sudah tidak asing lagi yaitu Inul Darah Tinggi…,eh..eh…eh keliru para pemirsa… Inul Dara Tista…!!”

Cak Bongkreng :
“Penyiare TV iku isok kliru tibak-no yoo..Gel…!!
Inul Dara Tista-ae kliru Inul Dara Tinggi…
Hahaha… penyiar goblok yoo Gel…!!”

Cak Klowor :
“Huusss !! Rame-ae….!!
Ayo longgo sing apik…, tak kethak pisan koen kok…!!”

Cak Bongkreng :
“Lho…lho Gel…, penyiare kok mecicil-li aku…
Ngamok kudhu ngethak ndas-ku Gel…!!”

Cak Bogel :
“Mangkan-ne peno ojok umek-ae…Cak Bongkreng !!
Longgo-o sing enak..!!”

Cak Bongkreng :
“Tak gantine-ae Gel acarane… wedhi dhewe aku ambek
TV iki… mosok penyiare isok ngancam penonton-ne !!
Saiki aku kepingin ndelok acara bal-bal-an ae…!!
(Tepuk Tangan 3 X )

Cak Klowor :
“Salam olah raga…., baiklah bagi para pecinta sepok bola di
Tanah Air kini kita berjumpa kembali dalam siaran langsung final pertandingan sepak bola piala Eropa antara kesebelasan Italia melawan kesebelasan Inggris…. “

Cak Bongkreng :
“Lha iki kesenengan-ku Gel…, Final piala Eropa…sing tak enthen-entheni ….
Koen njago endhi Gel…?! Itali opo Inggris ?!”

Cak Klowor :
“Huusss….!!
Gak isok meneng tah….sampean iki..!!
Umek-ae…, gregeten tak thotok bathok-mu koen kok…!!
Isok meneng tah nggak…!!”

Cak Bongkreng :
“Iyo…iyo Pi…TV…!!”
Aku tak longgo sing apik….!!
Lha kok medheni temen TV iki rek…!!”

Cak Klowor :
“Baiklah para pemirsa…
Berhubung ada sedikit gangguan teknis maka acara final pertandingan sepak bola dapat kita lanjutkan kembali….
Kini kita bacakan susunan para pemain dari kedua kesebelasan. Para pemain dari kesebelasan Italia diperkuat oleh :
Penjaga Gawang dipercayakan kepada Cak Pik-i …
Bek Kiri dipercayakan kepada Wak Men…
Bek Kanan dipercayakan kepada Mbah Mo…
Pemain Tengah dipercayakan kepada Mak Ton…!!”

Cak Bongkreng :
“Sik…sik... engkok dhisik….!!
Gak kliru tah penyiare iki Gel….!!”

Cak Bogel :
“Keliru apane Cak Bongkreng ?!”

Cak Bongkreng :
“Mosok pemain Itali jeneng-e Cak Pik-i…, Wak Men…,
Mbah Mo…., Mak Ton….!!
Iku lak jenenge bojo ambek keluargaku kabeh…!!”

Cak Klowor :
“Pancen-ne cerewet wong siji iki…!!
Gak isok meneng tah…. !!
Engkok tak suwek lambe-mu lho yoo!!”

Cak Bongkreng :
“TV ngawor… ngawoor…!!
Tak gantine-ae acarane… sak iki aku njalok acara warta berita-ae… !!”
(Tepok Tangan 3 X)

Cak Klowor :
“Menginjak acara berikutnya yaitu Warta Berita…
Berita yang dapat kami sampaikan adalah sebagai berikut..”

Cak Bongkreng :
“Lha iki baru acara sing apik Gel…!!”

Cak Klowor :
“Berita Utama : Pemerintah Republik Indonesia sedang gencar-gencarnya mengadakan penelitian tentang mengapa bumi ini semakin panas. Ternyata dapat diketahui mengapa bumi ini semakin panas…, hal ini ternyata disebabkan oleh Supermarket Matahari yang telah membuka cabang dimana-mana, sehingga bumi ini semakin panas saja.”

“Berita Kedua : Telah terjadi peristiwa pencurian ayam di kampong sebelah yang menyebabkan warga banyak yang mengeluh. Ternyata di-selidik oleh pihak yang berwajib pelakunya hanya satu orang yaitu Cak Bongkreng dari kampong ini.”

Cak Bongkreng :
“Kurang ajar…, olaah opoo aku nyolong pethek nang kampong sebelah iku…, wah berita ngawor-ngawor maneh…!! Bolak-balik isi acara-ne akeh sing ngawor !!
Gak sido aku tuku TV-mu iki Gel…. !!

Cak Bogel :
“Yoo gak isok Cak…, TV iki kudhu peno tuku…!!
Winggi-ae apene di tuku Cino rong juta-ae gak tak kek-no…
Eling-eling wis kadhung janji marang peno…!!”

Cak Bongkreng :
“Cino Lali Omah bek-e sing ape tuku TV koyok ngene iki…,
Wis gak sidho aku tuku TV-mu iki….Gel !!
Mosok isine acara-ne gak onok sing cocok…
Penyiare… bolak-balek ngancam…, kudhu ngethak bathok-ku-ae…!!
Iku penyiar TV…. Opo preman pasar… kok kudhu mangan uwong-ae…!!

Cak Bogel :
“Berarti sampeyan melanggar perjanjian lho yooo !!”

Cak Bongkreng :
“Perjanjian tembelek tah…., wong aku lak ejek jajal acarane TV-mu dhisik kok….!! Sek..sek…sek…, engkok dhisik…. Gel !!
Awak-e dhewe gegeran…, lha kok penyiare TV kok enak-enak-an mangan jajan ambek ngombe banyu aqua...Gel ?!
Oh… iyo lha kok tak dhelok-dhelok mulai awal penyiare TV iki lha kok wong iki-ae….!!
Sik… sik…, engkok dhisik lha dalaah penyiar iki rupane kok koyok rupane Klowor…. !!”

Mak Yah :
“Pancene iku Cak Klowor kok… Cak Bongkreng…!!
(Sambil Menjewer Telinga si Klowor)
Tak inceng tekok jero kamar…, iku mau pancen akal-akala-ne Wong loro iki….
Lha wong TV rusak kok apene didhol nang sampeyan…!!
Lak yoo podho-ae arep mbujuki uwong….
Aku gak setuju Cak Bogel lek sampeyan golek duwek nggawe coro koyok ngene iki…
Akal-akal-lan sing koyok ngene iki podho karo mangan Rejeki Sing gak halal… !!”

Cak Bongkreng :
“Oaallaah….. ngono tah ceritane iki… Yah !!
Gak perlu awakmu athek nggawe akal sing koyok ngene
Gel…!! TV wis rusak kok yoo apene didhol nang uwong…
Untunge-ae aku mrene iki ape-ne mbatal-no ora sidho
tuku TV-mu….!!
Lha wong aku dhewe gak duwe duwek…. Hehehehe….!!”

Mak Yah :
“Iku ngono arti-ne… sampeyan kabeh podho…..


Semua/bersama :
REBUTAN BALONG TANPO ISI


Created by
Soelistijono,S.Pd
2008