Selasa, 31 Juli 2012

BAKOL JAMU GENDONGAN

Awak Kesel Ati Mangkel
BANYOLAN SAUNTARA :

Mulih saka  mbecak sewengi awake Gareng koyok kebo dipecuti....
Loro kabeh sambate.....
Nyubo ngeleset ngaso nang ndukur bayang...
Tapi rasane isik ora kepenak...

"Cong...., arek-arek.... !!
Bapak pijetono le tole.....!!"
Bolak-balik cangkeme bengak-bengok nyeluki anake...
Karepe apene njaluk pijet...
Tapi nyatane......
Babar pisan...., siji-sijine "endogke" ora onok sing gelem moro (nyidak)...
Anak wolu sing pating "semlamber" doyanne mung sego lan badogkan thok...
Babar blas ora gelem cengunguk timbalane bapake...
Malah onok sing kerungu yen diceluk bapake pasang gaya budheg koyok Kaji Bolot (pelawak)....
Ora suwe...,  Kabeh padha  walik awak....
Siap ngegas lan  banter olehe mbleyer sikile keplayon nyingkrih...

Gareng mung isok plolang-plolong nang ndukure bayang...
Tolah-toleh ngiwa nengen ngenteni mbok menowo salah-sijine "endoge"  onok sing gelem moro...
Suwe olehe ngenteni..... 
Ambek masang kupinge "tingkat tinggi" 
Bar......, kupinge ora kerungu yen onok bocah nyedak utawa mangsuli timbalane...
Raihne Gareng mbrabak abang.....
Tangane bolak-balik nyekeli bangkek ane sing pegel iku...

"Dobol kabeh anak-anakku iki...
Bapake sambatan kesel njaluk pijet kok malah podho nyingkrih....!!
Awas lek wayahe sego mateng podho teko ngumpul...
Tak sawat sandal arek-arek iki engkok....!!
Titenone lek njaluk duwek nang Bapak...!!
Tak jejeki kabeh......!!"

Gareng isik wae ngecembeng koyok blumbang dicemplungi watu...
Atine medongkol puuool....
Gregeten ndelok anak-anake sing dadi arek brangasan....
Getem-getem ndelok anak sing  ora gelem dadi anak sing sholeh .....
Cekit-cekit atine...., anak wolu ora onok sing gelem bekti marang uwong tuwo...

"Percuma kowe cong...!!
Budal ngaji nang TPQ  yen mung olehe pethitha-pethithi...
Percuma kowe cong...!!
Budal nyantri wayah bengi yen mung olehe ora gelem bekti....!!"
Ngono iku gerundelane atine Gareng....
Ora suwe dumadakan kupinge kerungu suwarane "Yuk Lastri"...
Bakol jamu gendongan kesayangan...
Wonge lemu bunder koyok molen...

Sak-kal.... jekekal....
Gareng mencolot tekok bayang...
Raihne sing abang mau malih werno....
Berubah wajah koyok garangan...

Cangkeme sing mbesungut koyok tikus clurut...
Sak-kal ganti mengo njebabla.....
Ndodono untune sing sak gentheng-gentheng...
Atine sing mbrengkola dadi adem....
Ketekan bakol jamu rondo anak mung telu....

"Asyik.....!!
Yuk Lastri uwis teko ider jamu tekan kene....!!"
Gareng pringas-pringis ambek njupuk duwit sing disinggakno nang njero sempake (kancut) ...
"Ngombe jamu pegel linu...
Awak lemu isok turu.....!!"  (Pikire Gareng....rodhok bernafsu)

"Ngombe jamu sak gelas ambek isok nguya-ngguyu nggudo bakule...
Yuk Lastri sing bokonge semok.... awake lemu...
Mumpung bojo isik nggoreng tahu....
Jowal-jawil mesem nguyu....
Sopo weruh dewekne isok tak wayuh....!!
Hehehehehe.........!!"  (Gareng mulai teko niat wueleke)

"Yuk Lastri....!!
Monggo mampir meriki....
Kulo badeh tumbas jamu....!!"
(Celukan Gareng nang ngarepe lawang ambek awe-awe Yuk Lastri)

Dumadakan....
"Oh... walaaa....!! Sepuntene ingkang katha nggeh mas Gareng...!!
Jamu ipun sampun telas jare....
Wau sampun diborong kaleh tiang seberang lepen meriko...!!
Niki wae jamu gepyokan ingkang pungkasan"

Gareng mung isok kukur-kukur....
Nyungir kecut....
Opo sing dibayangno ora kelaksanan...
Atine sing adem sak-kal dadi neroko...
Nelongso....
Awak kesel ora sido oleh tombo....
Rasakno kowe yooo Reng.....!!
Kaciaaan dech Loe......!!

 INTERMESO :

Ciri khas jamu gendong adalah perempuan membawa bakul yang di dalamnya berisi botol jamu dengan cara digendong, sementara tangan kiri memegang ember untuk mencuci gelas setelah dipakai untuk minum jamu. Sejak masakecildulu sampai sekarang masih saja bisa ditemui penjual jamu gendong keluar masuk kampung. Bahkan di Jakarta setiap hari para perempuan penjual jamu gendong ini lalu-lalang di tengah keramaian kota atau di proyek-proyek bangunan tinggi.

Jamu gendong mempunyai sejarah yang cukup panjang di Indonesia, sebagai negara yang punya tumbuhan obat terlengkap nomor dua di dunia. Berabad-abad lalu, obat tradisional yang dibuat dari akar, daun, maupun umbi-umbian tumbuhan ini muncul pertama kali dalam tradisi keraton

di Jawa. Selanjutnya jamu juga diajarkan ke masyarakat dan dipasarkan dengan cara dipikul oleh laki-laki dan digendong oleh perempuan. Belakangan, jamu pikulan kalah pamor dibandingkan dengan jamu gendongan.

Seakan-akan menantang zaman, kebanyakan mereka tetap berkain jarit dan berkebaya dalam menjual jamunya. Jumlah mereka tidak sedikit, namun nasib tidak berubah banyak. Sementara di bagian lain kota Jakarta, ada juga bakul jamu kelas pengusaha yang tak perlu lagi lalu lalang di jalanan, tak perlu berkain dan berkebaya. Mereka kini hanya perlu menghitung untung dari tiap bungkus jamu yang dijualnya hingga ke luar negeri. Mengapa nasib Ngatiyem, si penjual jamu gendong sangat jauh berbeda dengan penjual jamu kelas pengusaha?
Anda masih suka mengkonsumsi jamu gendongan?

Sumber : http://masakecildulu.wordpress.com/2009/08/07/jamu-gendong/