Jumat, 11 Oktober 2013

SEGO PECEL

Den Gareng
BANYOLAN :


Panas-panas mancik bedhog ....
Rasane koyok di obong nang neroko ...
Weteng uwis luwe ...
Bolak-balik ngelek idu ...
Gemeter-ter rasane ...

Duit kari limang ewu ...
Rokok kari sak glintir ....
Pegel rasane ....
Ngalor-ngidul golek gawean ...
Mlebu metu tokone Cino ...



Nyubo ngelamar dadi kuli serabutan ...
Isih wae ora onok sing gelem nompo ...
Opo amergo sikilku pincang ...
Opo amergo motoku kero ...

Opo toch amergo aku uwis tuwek ...
Dipikire ora kuat mergawe abot ...
Opo toch amergo aku welek ...
Dipikire ora patut dadi pegawai ...

Hm.........oalaah ...
Wis ora usah ngersulo ...
Meneh isih onok dino ...
Sopo weruh Gusti gelem maringi rejeki ...
Onok pawongang sing butuh tak nge'ngeri ...

Timbangane nggerundel ...
Ati wis mangkel ...
Awak ugo pegel ...
Iku onok bakol sego pecel ...
Ora opo-opo masiyo olehe mung sak ke'pel ....

Duit limang ewu ....
Wis tak kewer-kewer ...
Nyubo antri melu ndusel antri tuku ...
Sing uwis kejatah disik pathing besuel ...
Wetengku kluruk nyaduk-nyaduk ...

Wis ora kuat ...
Ndelok wong liyo podho ngangkat gelas ...
Nelesi lambene sing wis kecapan warek ...
Wis ora tahan ...
Wetengku kluruk ngodak-ngaduk waduk ...

Wayahe antri oleh nang ngarep ...
Lha kok .... 
Bakule kondo segone wis entek ...
Jangkriiik !!
Geremenge ati ....
Jancook....!!
Protese wetengku sing lesu ....!! 

Hehehehe .....
Salahmu dewe Reng ...!!
Jarene Mas Penulis ...