Selasa, 01 Juli 2014

ES DEGAN

"Segere Rek......!! Mak nyess.......!!"
Syairan Roso :

Abot-abote golek pangan ...
Cak Lan sing omahe Bangkalan ....
Dodolan es degan bengi awan 
Diasong sak dalan-dalan ....

Es degan ....
Diombe bocah perawan  ....
Disruput poro juragan ....
Lungguh methingkrang ngarep jogan....
Karo moco koran ....

Es degan .... 
Segere ngalahno banyu bengawan ....
Opo maneh mari mangan bakwan ....
Sambele pedes caose sak cawan ....

Es degan dudu es kelopo ....
Nikmat yen disruput mari poso ....
Ngelak sedino wis ora dadi opo ....
Rasane wis swargo ndunyo ....

---------------------------
 Referensi :
1. Resep membuat es Degan
2. Tips Bisnis es Degan
3. Es Kelapa Muda (Degan)