Selasa, 18 November 2014

GORO-GORO BBM

BBM
OTAK-ATIK ORA GATHUK :

Petruk :
"Wah... wah... wah....!!

Bagong :
"Onok opo Truk ?!

Petruk :
"BBM mulai dino iki wis munggah regane....!!"

Bagong :
"Wah ....., isok kelenger awak'e dewe Truk...!!"


Petruk :
"Yo iyo Gong....!!
Apane rego-sembarang bakulan engkok lak melok munggah regane...!!"

Bagong :
"Termasuk regane rokok sing mbok sedot iku yoo Truk....?!"

Petruk :
"Jangkriik......!!
Iyo-iyo iki rokok olehe njaluk raimu Gong....!!"

Bagong :
"Easy Man.....!!"

Petruk :
"Jarene simbah, BBM iku nduwe pangerten sing ora onok watese Gong....!!"

Bagong :
"Contohne Truk....?!"

Petruk :
"BBM iku isok nduwe pangerten koyok ngene ......:

  1. BBM = kui "Bahan Bakar Minyak"....., yen regane bahan bakar kui munggah terus.... masyarakat isok turu pasar kabeh ... 
  2. BBM = kui isok nduwe pangerten "Bolak-Balik Mangan", lha kuwi sing wuenak.... negoro tondone tentrem ayem sejahtera cukup sandang lan pangan.....
  3. BBM = isok ugo artine "Babu-Babu Mogok"....., Lha iki sing soro.... Yen paro Babu akeh sing podho mogok isok dadi perkoro gedhe gawe puyeng'e poro juragan sak Nusantara iki.... Sopo sing gelem kora-kora, umbah-umbah, masak, lan nyewok'i endok'e juragan.....
  4. BBM = Isok ugo diartino "Babu-Babu Montok" ...., Lha iki ngono vitamin rek....!! Moto isok seger...., irung podho mekrok ....
  5. BBM = yen diartekno "Bolak-Balik Meringis" iku wong gendheng .....!!
  6. BBM = yen diartekno "Bengi-Bengi Menek" ...., kuwi ugo sing kepenak Cak....!!
  7. BBM = yen diartekno "Bolak-Balik Mecucu" ...., iku tondone Bojomu njaluk dijejeli sepatu....!!"
"Wis ....., cukup sak mene wae Gong !!
Golek ono dewe pangerten liyane ....?!"

Bagong : 
"Lek BBM diartekno "Bolak-Balik Mencolot" ..., kuwi opo artine Truk...??"

Petruk :
"Iku artine...., awakmu wayahe nyaur utang bolak-balik ngilang Gong ....!!"

Bagong :
"Hehehehehe .......!!" 

Matur nuwun ...