Senin, 09 Maret 2015

GORO-GORO BERAS

Ngudo Roso Mas Gareng :

Beras ....
Lha iki sing gawe gumun ...
Negoro Gemah Ripah Loh Jinawi....
Lemah subur makmur ...
Gegodhongan podho ijo royo-royo ...
Tondho negeri agraris ....
Opo wae ... sing semebyar bakalan uwoh dadi tanduran ...
Lha kok malah kekurangan beras ...

Beras kenthek'an stock ...
Beras larang regane ...
Beras sing dipanen telat jarene koran ...
Beras bosen sobo pasar ...

Beras larang ...!!
Beras larang ...!!
Beras larang  regane ....!!
Ngalor -ngidul .... ngetan - ngulon ...
Podho wae sambate ...

Wong sak pasar podho mumet ...
Bingung olehe ngubetno isine dompet ...
Ndelok duit puret ...
Kari sewu'an sing lecet ...
Ndas ngelu ... karo ngokor jeroane cawet ...
Wis rejeki seret ...
Obyek'an mampet ....
Urip rasane koyok kejiret ...

Wong cilik podho mendelik ...
Beras tahun iki paceklik ....
Rasane urip koyok di-cekik ...
Wis ora ono sisa digawe makani pithek...
Awak'e kucing garing podho nyengangik ...
Goro-goro beras sing isok ndelik ...

Wis ora onok sego bosok ...
Sego sak wakul wis podho di-sok ...
Kabeh entek dipangan karo uyah grosok ...
Jangan lodeh iwak'e bothok ....
Weteng warek... isok melungker koyok kodok ...
Wis ora opo ... opo ....!!


nuwun ....