Selasa, 10 Maret 2015

GORO-GORO BEGAL

Fenomena Begal

Ngudo Roso :

Begal ...
Lelaku sing mbedugal ...
Sok-sok'an podho dadi jagal ...
Cegat pawongan sak dalan-dalan ...
Saka keramaian tumekan tegalan ...

Begal ...
Podho cekelan sajam ...
Podho nduwe watek sing kejem ...
Amergo podho mendhem ...
Sopo sing wani ngelawan bakalan dipendem ...

Begal ...
Nduwe watek sing bengis ...
Ora ngurus korbane nangis ...
Begal tetep wae meringis ...
Ora peduli udan tangis ... 
Begal tetep cengngingas-cengngingis ...
Lha ... wong bongsone Iblis ...

Begal ...
Wis agawe rusak'e katentreman ...
Urip wis ora isok ayem ...
Moto ora isok tanek merem ...
Pikiran was-was ora isok adem ...

Begal ...
Yen kecekel ora usah diampuni ...
Luwih becik digepuki ...
Ayo konco podho melok naboki ...
Syukur.... yen awak'e podho diprotoli ...

Begal ...
Yen kecekel kudhu diobong ...
Ben ora dadi gerombolan sing sombong ...
Pethentang-pethenteng sobo embong ...
Plolang-plolong gaweane nggarong ...
Mending ndang didadek'no pocong ...
Dibungkus kloso ben koyok lonthong ...


nuwun ....