Rabu, 08 Juli 2015

BAGONG TAKON SWARGO

GEGURITAN GUYON :


Cangkruk'an ndukur amben apene budhal patrol poso'an ...
Bagong nrocos terus lambene ngetes kepinterane si-Petruk ...
Gawe pokal gawe takon "swargo" koyok alim-alimo wae..

BAGONG :

"Truk ...!!
Yen awakmu jarene nyantri ora ulih-ulihan omah...
Jajali wangsulono pitakonku iki ...!!"

Swargo kuwi opo .... ??
Swargo opo podho karo segoro ...??
Swargo kuwi rasane koyo opo ...??
Swargo opo yo memper karo enak'e sego ....??

Piye carane ...??
Isok weruh swargo ...??

Piye carane ....??
Isok antuk swargo ....??

Opo yo kudhu topo ...??
Opo yo kudhu poso ...??
Opo yo kudhu sengsoro ...??
Opo yo kudhu kuwoso ...??

Piye carane aku percoyo ...??
Yen swargo kuwi ono ....??

Piye carane aku nglakoni ...??
Yen swargo kuwi mung onok ing lathi ...??

Jarene weruh swargo yen wis mati ...??
Jarene swarga kuwi ono ing ndukur mego ...??
Jarene swargo kuwi omahe poro betoro ...??
Jarene swargo kuwi ora onok sengsoro ...??

Kapan aku bisa meruhi swargo ...??
Kapan aku bisa antuk swargo ...??
Kapan aku bisa mlebu swargo ...??
Kapan aku bisa madhang jajanan swargo ...??

Petruk mung isok tenger-tenger karo mbathin ...
Krungu pitakone Bagong sing imposible wangsulane ...

PETRUK :

"Pikiranne isik kemalan badhokan wae ...
Pokal gawe takon swargo ....
Poso isik belang blonteng wae takon swargo....
Sembahyang isik lalak thung angger kober wae takon swargo...
Urip isik doyan utang ora gelem nyaur wae takon swargo...
Gong...Bagong...."