Senin, 07 Desember 2015

GORO-GORO SEPEDA PANCAL (1)

GEGUYONAN :Panas-panas bubar sembahyang Jum'at.
Bagong ora balik nang omah malah Ngalor ...
Mlakune mbesosol karo nyincing sarunge sing kedodoran...

Maklum...
Bagong sing awake lemu gundek...
Ngawe kupluk ireng ...
yen didhelok teko kadhohan koyok kendil mlaku dewe ...
Nggawe sarung sing rodhok kegedhen ...

Persis koyok Prabu Bonokeling...
rembyak-rembyak saingan karo ondel-ondel...

Parak'e Ngalor...
Berarti arah pinuju omahe si-Petruk ...
Omah gedhe koyok loci ngadek ijen ora onok bature ...
cedhak pinggire jurangan.

Sak wise tekok ngarep omahe si-Petruk
Bagong mulai kalem mlakune ...

Bagong :
"Kang....!!
Kang Petruk....!!
Kowe opo nang omah Kang...?!"
(Cangkeme mulai bengak-bengok ora weruh wayah)

Tulkiyem :
"Kowe Gong...!!
Onok opo ...??
Kakangmu ora onok nang omah...!!"
(Cucuk'e bojone si-Petruk tangi turu kaget krungu swarane Bagong.
ambek angok-angok njero cendela nyauti bekurane si-Bagong)

Bagong :
"Lha... lungo nang endi wonge Yuk ?!"

Tulkiyem :
"Mari Jum'atan mau..., jarene apene mampir nang omahe Kang Gareng...
Njupuk radione sing didandakno nang Kang Gareng...!!"

Bagong :
"Oalaah...
Tiwas aku keplayon-playon mrene...!!"
(Bagong rodhok ngrundel atine...
Karo kokor-kokor janggute)

Tulkiyem :
"Lha... kowe onok perlune opo lho Gong..??"

Bagong :
"Iku Yuk...
Iku Yuk..., wis ora sido wae..."
(Bagong ragu-ragu apene njawab)

Tulkiyem :
"Golek utang-utangan duit tach Gong...?!"
(Saut Tulkiyem nyeplos)

Bagong :
"Ooo... Ora kok Yuk...!!"
(Jawab Bagong setengah kaget)

Tulkiyem :
"Alaah...!! Koyok gak tau ngerti biasane wae...!!
Kowe lek nggoleki Cacakmu mesti apene golek utang-utangan duit..!!"
(Skak mat Tulkiyem gawe Bagong)

Bagong :
"Ora-ora Yuk...!!
Aku ora golek utangan duit kok !!"
(Sahut Bagong kecut ...)

Tulkiyem :
"Lha Kowe mrene...
Onok perlu opo Gong ...?!"
(Dedes Tulkiyem ...)

Bagong :
"Apene nyeleh sepedane Kang Petruk Yuk...?!"
(Saur Bagong...)

Tulkiyem :
"Lho..., sepeda motore Cacakmu yo digowo toch Gong..!!"

Bagong :
"Dhuduk sepeda motor iku Yuk...!!
Tapi sepeda pancale Kang Petruk ...!!"

Tulkiyem :
"Oh...walaah...!!
Sepeda Kebone Cacakmu sing apene koen sileh..??"

Bagong :
"He'e...
Tak sileh sediluk wae..., gawe tuku cat nang Suroboyo Yuk ...?!
Oleh opo ora ...??"

Tulkiyem :
"Walaah ...
Sepeda Kebone Cacakmu ijik tas mari di cat jare...
Mboh oleh opo ora karo Kang Petruk ...?!
Aku ora wani nyeleh'no nang awakmu ...!!
Yoo.. entenono Cacakmu dhisik ...!!"

Bagong :
"Jam piro kang Petruk tekane Yuk ....!!"

Tulkiyem :
"Paling...sediluk engkas...Gong !!
Lha wong cacakmu ucul metu omah sak durunge sembahyang Jum'atan mau..."

Bagong :
"Wah... isok kesoren aku iki engkok...!!
Toko cat isok podho tutup ?!"

Tulkiyem :
"Paling kowe yo isik nututi olehmu tuku cat Gong...!!
Toko cat iku podho tutup jam setengah limo ...
Perjalanan kene-kono paling rong jam setengah....
Sak durunge jam setengah limo kowe wis tekok kono...!!"

Bagong :
"Wah... wah....!!
Berarti kudhu gas pol ora nggawe rem... perjalananku iki engkok..!!
Opo yoo ora kudhu ngisi BBM cangkem iki...?!

Tulkiyem :
"Lha kae...!!
Cacakmu Petruk wis teko...!!"
(Bojone Petruk nduding arah Ngalor)

Suwara sepeda motore si-Petruk sing nggereng ..
Moro-moro mandhek mak jegleg ngarepe si-Bagong.

Petruk :
"Kowe Gong ...?!
(Sopo Petruk karo mateni kontak sepeda'e)
Onok perlu opo ...?!"
(Ganti nyoplok kocomoto irenge ...)

Bagong :
"Aku apene golek cat nang Suroboyo Kang...
Nyileh sepeda pancalmu yoo Kang...?!"

Petruk :
"Sepeda iku ...!!
Isik tas wae mari tak cat Gong ...!!"

Bagong :
"Walaah... sediluk wae kok Kang ...!!
Gawe tuku cat thok ...!!"

Petruk :
"Dhuduk pekoro suwi opo sediluk'e Gong ...!!
Sepeda iku wis dituku uwong jare ...
Mangkane wingi tak cat abang ...!!
Sopo ngerti sore iki engkok dijupuk uwong'e...!!"

Bagong :
"Lha... yaa opo lho Kang Petruk ...?!
Mosok aku apene tuku cat kudhu numpak sikil...?!
Lek ngono aku nyilih sepeda motormu wae...?!"
(Bagong mulai nglamak ...)

Petruk :
"Ora isok...!!
Lha wong mari iki aku karo mbakyumu apeneh buwuh manten .."

Bagong :
"Nyileh sepeda pancal jarene wis di adol ...
Kuwatir lek wonge apene njupuk ...
Nyileh sepeda motor jarene digawe buwuh ...
Sing bener sing endhi iki Kang...??"
(Bagong mulai emosi ...)

Petruk :
"Lek kowe ora percoyo takon'no mbakyumu kae ..?!"
(Petruk golek dukungan bojone ...)

Bagong :
"Lek sampeyan wis ora percoyo bondo dunyomu tak silih ...
Yoo ora opo-opo Kang ...?!
Mosok sepeda pancal disileh dhulur gawe tuku cat wae ora oleh...?!
Sampeyan lek wis ora ngakoni aku adikmu yoo ora opo-opo...!!"
(Bagong wayahe kluruk karo setengah mbrebes mili...)

Petruk :
"Yoo gak ngono sih Gong ...!!"
(Petruk ngedem-ngedem ...)

Bagong :
"Gak ngono-gak ngono ...
Tapi kenyataane ...
Sepeda disileh sediluk wae ora oleh ...!!"

Tulkiyem :
"Silehno toch Kang Petruk ...!!
Wong digawe tuku cat wae kok ...!!
Mosok sampeyan tego Bagong mlaku nang Suroboyo ..??"
(Tulkiyem, bojone Petruk sing meneng wae sak tekanne Petruk ...
mulai melok pethok-pethok)

Petruk :
"Iki ngono yoo salahmu Gong ...!!
Enak-enak nduwe sepeda motor dhewe kathek kakean tingkah...
Pokal gawe melok-melok totoan doro barang ...
Sak iki mberindili uripmu...
Kadhol kabeh barang sing koen duweni...
Termasuk sepeda motormu iko ...!!"
(Petruk ngelingno Bagong riwayate biyen...)

Bagong :
"Biyen yoo wis biyen Kang ...!!
Sak iki aku lhak yoo wis sadar ...
Aku wis tobat...
Mulai bangkit ...
Ngerintis tekok ngisor maneh ...!!"
(Bagong ngonceki atine)

Petruk :
"Temen tach tobatmu iku ...
Pas angin-anginan wae ...?!"
(Petruk isik ora percoyo karo si Bagong...)

BERSAMBUNG ...