Selasa, 26 April 2016

TUKANG CUKUR RAMBUT (1)

Tukang Cukur
GORO-GORO:

Uwis onok rong taun iki Gareng dadi tukang cukur rambut dadak'an
Mangkal nang prapatan Pasar Kembang...
Ndosong onok ngisor wit trembesi...
Panggonane strategis..., Kulone stopan bangjo iringane tokone Cino...

Sak-ben ndino budal-moleh mergawe...
Bondone mung sak kotak alat cukur...
Digowo ngalor-ngidul...
Karo nunggang turonggo wesi tahun 60-an...
Sepeda kebo ireng sing cat'te wis luntur...
Amerga neyeng kepangan umur...

Olehe mangkal jam setengah songo ...
Nganti jam limo sore...
Olehe hasil yo ora mesti...
Kadang isok cukup gawe nempur beras sak lawone...
Nalika rame, akeh uwong sing podho cukuran ...
Kadang yo mek isok digawe ngiseni wetenge dewe...
Naliko sepi mung siji-loro sing cukuran ...

Opo maneh tepak sing cukuran iku konco opo bolone dewe ...
Gareng mek isok kukur-kukur bathuke...
Lha wong niate ora cukur mbayar...
Niate mung njaluk tulung nyukur rambute wae...

Tangeh-tangeh menehi opah sing mbejaji...
Imbang karo tenogo sing ditok'no Gareng...
Lha wong..., opane mung abab ...
Luwung onok sing gelem menehi rokok sak-ler rong-ler ...
Minangka gawe ngilangno pikiran sing sumpek...
Olehe mikir kebutuhan urip sing ora onok entek'e...

Opo maneh sing jenenge Bagong ...
Adik rujune Gareng...
Lek mrono mek bondo nyangkem ...
Wis ora tau menehi duit Cacak'e ...
Lek njaluk dicukur rambute cerewete masyaallah ...
Kake'an pola lan model jalukane ...
Gareng gregeten kudhu ngepruk endase wae ...

"Dino Sabtu...
Engkok bengi lak yo malam Minggu ...
Biasa iko koyok arek nom-noman kae ...
Wayahe ngendangi si-Siti ...!!
Cewek warkop pojok sing bokonge semok..." (pikir Bagong)

"Mumpung cekelan duit mari bayaran nguli ...
Isok gawe malam Minggon karo dewek'ne ...
Asyiik jo ...!!
Gendak'an sampek isuk karo Siti ....
Ora moleh-moleh tekok warkop lek durung parak isuk ...!!
Wah... siip tenan dino iki rek ...!!"
(karo driji tanganne sing tengen di ketekno ...)

"Tapi rambutku wis gondrong koyok ngene ...
Wayahe cukuran rambutku iki ...
Olehe bayaran nguli watu mung Satus Seket ...
Lek aku cukur rambut nang salon sing apik...
Isok amblas gak cekelan duit aku engkok ....?!"
(Bagong mulai pritungan ...)

"Paling enak opo aku cukur nang Kang Gareng wae ...?!
Dulurku dewek ... gampang tak apusi ...
Wis ora usah mbayar..., cukup cucuk'e tak encepi rokok...
Rambutku wis dicukur sak lumrahe ...!!"
(Bagong wis nemu akal buluse )

Ora kakean pikir, akhire Bagong nyahut sepeda Yamaha 70'ne ...
Sepeda kuno jaman'ne Rano Karno ...
Sing isik di-idolano cewek jaman semana ...
Sepeda'e  Bagong dikeber sak pol-pole ...
Sak'kal beluk'e knalpot  kemepul ngebak'i dalanan ...
Lek didelok koyok upacarane  suku Indian undang-undang apene bancak'an ...

Sepeda dibleyer sampek nggereng ...
Swarane meraung-raung koyok kucing njaluk kawin ...
Jarene tonggo kiwo-tengene ...
Bagong Koyok nduwe kuping dewe wae ...
Opo ora weruh ..., onok tanggane sing tas mari babaran ...
Nduwe anak bayi sing kementhil Embok'ne geragapan kaget ...
Sampek-sampek bapak'e si bayek mecicil ndelok polahe Bagong ...

Kudhu ngepruk endase Bagong ...

Tapi Bagong ora urus ...
Sak'karepe dewe ...


Bersambung ,,,,