Sabtu, 07 Mei 2016

TUKANG CUKUR RAMBUT (2)

GORO-GORO ...


Sepeda motor kawak sing dikeber-keber Bagong ...
Akhire mlaku alon-alon ...
Rodhok mbrebet,,, nyandet-nyandet mlakune ...
Ora sumbut karo swarane sing ngalahno klaksone sepur ...
Maklum sebutane wae "Yamaha Tujuh Linu" ...

Ora koyok sepeda motor jaman sak iki ...
Sing wis macem-macem modele ...
Sekali stater langsung "jreng" isok ngacir sak bantere ...
Swarane alus .... ora kemepul beluk knalpote ...

Lha wong sepeda Yamaha 76 iki kesayangane Bagong ...
Gantine sikil tinimbang dewekne mlaku ...
Konco gawe budal nguli tumekan  njagong nang warung ...
Ngalor-ngidul kudhu digawa ...

Ora urus ...
Sakben ndino tengahing prapatan sepedane mogok ...
Amergo wis  kothong bensine .. .
Bagong tetep wae nuntun sepedane klemak-klemek ...
koyok wong remek .golek bensin eceran ...

Ora urus ...
Sakben ndino dalanan tambah ruwet ...
Sakben ndino dalanan podho mampet ...
Sakben ndino dalanan macet ...
Sangking wuaaakehne kendaraan pathing kluyur ...

Gedhe-cilik podho ora gelem ngalah ...
Mbesosol ... podho uyel-uyelan  nang dalanan ...
Pathing keruwel ... dusel-duselan ora gelem keri ...
Opo maneh ... beluk knalpot'te Bagong sing kemepul ...
Melu-melu gawe provokasi emosine uwong  ...

Bagong tetep wae ora urus ...
Lambene nyengir mesem-ngguyu ...
Kathek ngawe kocomoto ireng ... gawe helm bathok ...
Bolak-balik ndelok spion'ne ...
Nyukurno njero ati ...
Marang uwong sing podho klepeken beluk knalpot'te ...
Sing penting dewekne sak iki budhal pothong rambut ....
Pinuju mangkale Kang Gareng ...
Sing lagi ngobyek potong rambut nang prapatan ...

Kiro-kiro setengah jam ....
Bagong wis tekok stopan bang-jo Pasar Kembang ...
Sepedane Bagong mulai kalem ...
Mandek jegrek pas ngareppe Gareng sing lagi nyukur rambut pasienne ...
Gareng sing lagi konsentrasi sakkal nglirik tekanne Bagong ...

Gareng :
"Kowe Gong .... !!
Tekan endi awakmu ...??"
(Sopo Gareng basa-basi)

Bagong :
"Yo apene mrene Kang ...!!
Rambutku uwis gondrong ...
Apene njaluk tolong nyukur rambutku  jare ...!!"
(Sahut Bagong, karo njagang sepedane)

Gareng :
"Piye kabare kakangmu Petruk ...??"
(Takon Gareng karo kekar-keker rambute si-Mbah sing dadi pasien cukuran rambut ....)

Bagong :
"Emboh Kang Gareng ....?!
Aku yoo ora weruh kabare Kang Petruk ...!!
Wis rong wulan iki aku ora tau ketemu ...?!"
(Sahut Bagong sing wis mulai melu-melu ngantri lungguh dengklik)

Gareng :
"Lha ... kok isok ngono ...
Kowe kok ora weruh kabare Kakangmu si-Petruk ...!!
Omahmu yoo ora adoh karo omahne sich Gong ... !!"

Bagong :
"Masih omahku ora adoh karo omahe Kang Petruk ...
Dewekne yoo ora tau sambang awakku ...
Aku yoo ora tau sambang dewekne Kang ....!!
Lha wis podho-podho mergawene sak iki ... 

Yoo jarang isok ketemu Kang Petruk ..."

Gareng :
"Yoo ora oleh ngono Gong ...!!
Elek-elek si-Petruk iku dhulurmu ...
Elek-elek si-Petruk iku Kakangmu ...
Kowe sing dulur enom kudhu sing nduwe pangerten ...!!"

Bagong :
"Percuma Kang Gareng ...?!"

Gareng :
"Percuma apane...??"

Bagong :
"Percuma nduwe pangerten marang Kang Petruk ...
Diparani adine kala-kala...  ora kethok bunga atine ...
Isine mung mbesengut ... mrengut ... mbetutut wae ...
Dipikir aku apene njaluk dunyone bek'ne ...?!
Aras-arasen aku sak iki dolan mrono ....!!"

Gareng :
"Sampun mantun Mbah cukuran ipun ...!!"

Pasien :
"Sampun mantun toch ...
Sampek keturon kulo Mas gareng...
Pinten Mas Gareng ongkos ipun ...??"
(Si-Mbah sing wis mari dicukur mulai ngrogo kesak celono mburine)

Gareng :
"Kadhos biasane mawon ...?!"
(Gareng karo meringis koyok kucing diuncali iwak pindang ...)

Pasien :
"Suwun yoo Mas Gareng cukurane ....!!
Aku yen cukur cocok'ke karo Mas Gareng ..."
(Karo Si-Mbah ngelungi duit pitung ewu Kang Gareng)

Gareng :
"Sami-sami Mbah .... matur nuwun sanget ...!!
Atos-atos lho nggih wonten radosan ....!!
Kathah kendaraan ugal-ugalan sak niki ...?!"
(Gareng karo nuntun si-Mbah mudhun kursi cukure...)

Pasien :
"He'e .... Mas Gareng ...!!"
(Saut si-Mbah sing wis nyengklak sepeda pancale sing disendekno tiang listrik ...)

Bersambung .....