Rabu, 08 Juni 2016

TUKANG CUKUR RAMBUT (3)

GORO-GORO :

Sakwise si-Mbah sing mari cukuran rambut nang Gareng ...
Mulai  nyengklak sepedane arah mengalor ...
Bagong mulai ancang-ancang lungguh kursi ngadep kaca sing gawe cukuran ...

Bagong :
"Aku cukuran rodhok tipis-tipis wae Kang ...?!
Lek isok gaween model Mandarin ...!!"
(Jaluk Bagong karo gela-gelo ngarepe koco cukuran)

Gareng :
"Model Mandarin ...?!"
(Takon Gareng negesi jaluk ane Bagong)

Bagong :
"He'eh ... Kang ...!!
Koyok nang film-film Cino kae ...!!"

Gareng mulai pasang anduk lan kain putih nang awak'e Bagong ...
Tangan kiwone nyandak suri ...
Tangan tengenne mulai ngetekno gunting cukure ...
Ora suwe ...Rambute Bagong wis podho rontok kecukur ...

Njelalah cukuran durung onok setengah mainan ...
Handphone Gareng kelorok ....

Gareng :
"Hallo ... sopo iki...??"
(Sahut Gareng nampani telephone ...)

Si-Penelpon :
"Hallo Kang Gareng ...!!
Iki aku Yuk Lastri ...
Sampeyan ndang moleh sak iki ....!!"

Gareng :
"Onok opo Yuk Lastri ...??
Aku kok dikongkon moleh ...?!"

Si-Penelpon :
"Ndang moleh sak iki Kang ...!!
Bojo Peno apene ngelairno ...!!
(Jawab si-Penelpon sing diceluk Yuk Lastri)

Gareng :
"Opo ....??"
(Sahut Gareng setengah kaget)

Si-Penelpon :
"Bojo Peno apene ngelairno Kang ...!!
Peno ndang moleh sak iki ...
Wis ojok kesuwen kakean takok ..."
(Yuk Lastri negesi)

Gareng :
"Yo...yo... aku tak moleh sak iki ...!!"
(Jawab Gareng sing wis jelas informasine)

Gareng mulai bingung pikirane ...
Atarane nyukur rambut sing durung mari karo ndang kesusu moleh ...
Amergo bojone apene nglairno ...

Gareng :
"Gong ....!!
Sepurane sing akeh yo Gong ...?!
Mbak Yu mu apene nglairno ...
Aku dikongkon moleh sak iki ...!!"

Bagong :
"Lha .... terus piye rambutku Kang ...??
Cukuran isik oleh separo apene mbok tinggal ??"
(Bagong mulai gelisah)

Gareng :
"Piye mane ...Gong ...!!
Mbak Yu-mu apene nglairno sak iki jare ...
Aku kudhu moleh sak iki ... wis dienteni uwong akeh ...!!"
(Teges Gareng)

Bagong :
" Terus rambutku piye ...??"
(Takon Bagong karo setengah melongo ...)

Gareng :
"Meneh wae koen meriniyo maneh ...
Engkok tak cukure maneh ....!!"
(Jawab Gareng entheng wae)

Ora kesuwen peralatan cukure Gareng wis diwadahi kotak ...
Terus nyengklak sepeda pancale ngeluyur ninggal Bagong ...

Bagong :
"Kang ....!! kang Gareng ...!! Piye rambutku iki Kang ...?!"
(Bagong bengak-bengok nyeluki Gareng)

Gareng ora nyahuti bengok ane Bagong ...
Tetep wae ngeluyur mancal sepeda kebone sak banter-bantere ...

Kari Bagong sing plolang-plolong ndomblong ....
Tenger-tenger ijen ....
Karo nggerayahi rambute sing isik separo kecukur ...
Njaluk cukuran model Mandarin malah dadi model jerigen ....
Gundul separo di model koyok Jet lee ... karepe Gareng niru film Kungfu Master ...

 (Nuwun )