Senin, 23 Oktober 2017

NGAMEN 87 Coy ....



NGUDO ROSO :

Sopo wonge sing ora kenal...
Karo profesi siji iki ...
Mulai negoro sing uripe mangan roti-keju ...
Sampek tekan negoro sing isik mangan dongkele kayu ...

Mulai sing nggawe peralatan modern...
Tumekan ndompleng jasane kewan ,,,
Mlebu-metu bis-bisan ...
Gaya Preman terminalan ...
Nganti pokal gawe ngesot ora sandalan ...
Modal kempyeng digepengno ...

Mulai bondo suwara sing merdu mendayu-dayu ...
Tumekan suwara serak kleleken isine salak ...
Cempreng kabeh ngrusakno kuping ...

Mlebu-metu rumah makan lan pertokoan ...
Tumekan warung pinggiran ...
Ngono yo isik kober wae ...
Jrang-jreng nang ngarepe wong tengok-tengok ngisis rokokan ...

Diarani podo karo ngemis yo ora gelem...
Njaluk'e diceluk musisi jalanan ...
Kapan olehmu tanggapan ...?!
Lha wong kowe duduk biduan,,,,

Wis... yo ben,,,
Sak karep-karepmu ...
Sing penting ojok nyolong barange liyan...
Sing penting ojok nggawe rusak'e katentreman ...

Oleh piro wae tampanono ...
Ojok kathek kowe ngersulo ...
Pancene iku wis jatahmu ...
Wong cilik olehe yo sak ithik ...
Sing penting sabar lan neriman ...
Okey Broo ....!!