Jumat, 19 Februari 2010

BAGONG NJALUK SUNAT SERI LORO


Sambungan : Bagong Njaluk Sunat Seri Siji

Adzan Magrib wis kumandang rong poloh menitan mau, uwong-uwong wis podho balik tekok langgar. Mlakune podo kesusu-susu. Onok sing langsung mampir nang warung-warung deso,onok sing ngerumbul nang omah'e tonggo arep ndelok "Termehek-mehek", onok maneh sing langsung moleh mergo wethenge wis kerucukan luwe.

Seje maneh ambek Togog ambek Mbilung. Wong loro iku nggak langsung moleh nang omah'e, tapi bablas menggok nang dalanan gang deso sing rodhok petheng arah nuju omah'e Gareng. Ambek ngrokok jedhal-jedhul, mlakune wong loro iku tambah suwe tambah cepet. Wong loro iku kesusu-susu kethok'ane ...

Onok opo dhulur ...?
Monggo kita sedoyo ningali dateng TKP (Tempat Kedadean'ne Perkoro)...

Mbilung :
"Reng..., Gareng !!"

Gareng :
"Oek ...!! Sik ..., enthenono dhisik aku isik mangan !!
Mlebu'o kene rek ...!!" (Gareng methu ngarep omah)

Mbilung :
"Thotok'no dhisik Reng mangan'mu ...!!
Tak entheni nang kene'ae ambek Togog !!"

Gareng :
"He'e lek ngono ...!!" (Gareng mlebu maneh ...)

Gak suwe oleh'e ngentheni Gareng nothok'no mangan, akhire Gareng methu maneh ambek nyampirno sarung'e.

Gareng :
"Wis siap kabeh tibak'e...!!

Togog :
"Mangan iwak opo koen Reng ...?!
Kok sawangan'ne gaya manganmu kok akas temen ?!"

Gareng :
"Biasa Gog ...!! Kathek bojoku nggoreng iwak asin kesenenganku ...
Isok enthek iku sego sak wakule ... hehehe !!"

Togog :
"Pantesan'ae koen nggak gelem ninggal'no manganmu mau ...!!
Lha wong mangan ambek iwak asin senengan'ne kucingku ...!!"

Gareng :
"Hus ...!! Opo koen kiro aku koyok kucing ...!!"

Togog :
"Hehehe ....!!" (meringis)

Mbilung :
"Wis nggak onok sing keri tah Reng ...?!"

Gareng :
"Sing keri opo maneh ...?!" (ambek ngrabak kesak ngarep mburi)

Mbilung :
"Yoo bek'e rokokmu keri tah ...!! Opo kathok'mu sing keri ...!!"

Gareng :
" Oh ... jangkrik iku !!" (mecicil motone ...)

Togog :
"Wis ayo ndang budhal ...!! Engkok nggak ero playune Bagong nang endhi !!"

Gareng :
"Ayoo ....!!"

Akhire wong telu iku mau budhal. Gareng nang ngarep nggowo sentolop, nang mburine Mbilung ambek Togog ngetotno Gareng mbobol dalan. Tujuan'ne wong telu iku mau apene mbuntuti Bagong sing jarene desas-desus'se wong ndeso tambah nakal, seneng ugal-ugalan, ambek mabuk-mabuk'an karo Petruk.

Sak iki dhulur..., tinggalno dhisik lelakune wong telu iku mau sing apene nginceng tingkah lakune Bagong. Ayo dhulur ..., Cobak saiki ndelok koyok opo kelakuan'ne Bagong.

Bagong :
"Truk ...!! Opo wis mbok gowo minumane Truk ?!"

Petruk :
"Wiskine gak onok hee Gong ..., warung'e wis kenthek'an ..!!
Iki'ae Gong tak tukok'no "Topi Miring" ...!!"

Bagong :
"Wis nggak opo-opo .. sing penthing isok mendhem bengi iki ...!!"

Petruk :
"Campurane mau yoo podho kenthek'an pisan ...!!
Kepekso tak tuko'no spertos sak liter Gong ...!!"

Bagong :
"Campuran sepertos ...!!
Jancook ...!! Mosok gak onok anggur ireng utowo seprit ... he Truk ?!"

Petruk :
"Wis nggak onok opo-opo maneh Gong ...!!"

Bagong :
"Warong minuman kok koyok ngono ...!!
Hee Truk ...!! Warung'e Yuk Ginem iku niat gak seh dhodolan ?!
Kadhung gregeten tak obong iku engkok ...!!"

Petruk :
".... Panchene Yuk Ginem dhurung kulak'an Gong !!
Anak'e podho loro..., sing lanang athek durung moleh tekok Suroboyo !!"

Bagong :
"Lha iki engkok ... tambule opo Truk ?!"

Petruk :
"Waduh iyo ..., lali aku Gong gak tuku goreng-gorengan !!"

Bagong :
"Lha koen yak opo lho Truk ...!!
Digawani duwek satos ewu ..., opo kurang tah ?!"

Petruk :
"Ijik sosok ..., tapi lha wong aku kelalen Gong ...!!"

Bagong :
"Wah kepekso ..., nggolek kucing'ae nggawe tambol ...!!"

Petruk :
"He'e ..., ngono yok kenek Gong !!
Lha ..., iko onok kucing klesetan ...!!
Tak cekele dhisik yoo Gong ?!"

Bagong :
"Cepet Truk ..., kucing'e selak mlayu iku engkok !!"

Petruk :
"Ssstt..., ojok rame-rame ...!!
Beres-beres ... Gong !!
Pus ..., ck..ck...ck..., pus-pus!!"

Kucing :
"Meoong ...!!"

Petruk :
".... ihk, kenek koen sak iki ...!!
Hehehe ..., wis kenek kucing'e Gong !!"

Kucing :
"Ngeooong....!! Ngeoong.... ngeeengg !!"

Petruk :
"Cep..., cep...cep...., nggak usah umek'ae Cing ...!!"

Bagong :
"Yoo iyoo Truk ..., lha wong tangan'mu mampu iwak asin !!
Gampang'ae olehmu nyekel kucing iku mau ...!!"

Petruk :
"Hehehe...., sing penthing lak yoo isok digawe tambol bengi iki ...!!"

Kucing :
"Ngeooong ....!! Meong....!! Meong ....!!" (berontak njaluk dicol'no)

Bagong :
"Iki lho Truk ladhing'e nggawe mbeleh kucing'e ...!!"

Petruk :
"Yoo ... tak beleh'e..., koen nggawe'o obong-obongan kayu !!"

Bagong
"Iyoo ...!!"


BERSAMBUNG NANG SERI TELU ...