Jumat, 19 Februari 2010

PETRUK GOLEK WANGSIT SERI SIJI


Prolog Cerito :

Pos kamling deso Karang Tumaritis bengi iku rame digawe cangkruk'an. Dhuduk cangkruk'an njogo keamanane deso, tapi cangkruk'ane wong sing seneng urek-urek tombo'an togel.

Diskusi sing digelar dhuduk mbahas koyok opo keadaane negoro utowo koyok opo keamanane deso Tumaritis. Tapi diskusi sing ramene ngrebek'i wong turu iku malah mbahas nomer togel sing mari methu mau ambek nomer sing bakalan aphene methu meneh.

Gareng :
"Wis gak cocok ramalanmu Truk ...!!
Tak tombok'i enam satu wolak-walik malah metune tiga dua ...!!
Aku sampek enthek rolas ewu gak oleh opo-opo ...!!"

Petruk :
Podho'ae Reng ...!!
Malah aku wis kalah patang poloh ewu dino iki ...!!"

Bagong :
"Dukun endhi sing mbok anut Truk ...?!
Kok..., olehe ambek kalahe akeh kalahe ngene ?!"

Petruk :
"Yoo gak mesti Gong menang terus ...!!
lek awak'e dhewe menang terus ..., isok tuku pasar aku engkok !!"

Gareng :
"Iyoo..., lek kalah terus ..., isok turu pasar awak'e dhewe kabeh !!"

Bagong :
"He'e, hehehe ....!!"

Mbilung :
"Wak Jo 'ae mau oleh telung kupon !!"

Petruk :
"Mosok Lung ...?!"

Mbilung :
"Jarene mari ngrandong nang ngisor uwit trembesi sendang deso wingi bengi !!
Terus..., jarene diimpeni nomer iku mau ...!!
Tapi cek goblok'e mek ditombok'i telung ewu thok ambek Wak Jo !!
Sak iki yoo gethon gak ilok-ilok uwong'e...!!"

Petruk :
"Pancene rodhok goblok Wak Jo iku ...!!
Wis diekek'i nomer siip koyok ngono kok gak di tombok'i sing akeh !!"

Bagong :
"He'e Truk ...!! Engkok lek nomer'e mbledos koyok iki mau lak yoo oleh akeh !!"

Mbilung :
"Wong'e nggak duwe duwek iku mau ...!!
Isok tombok ..., mergo ngrobeng'no buku sekolah'e anak'e dhisik !!"

Gareng :
"Lha ..., kok bukune sekolah anak'e ....?!
Isok kuwalat iku engkok ambek bapak-ibu gurune anak'e !!"

Mbilung :
"Buku wis nggak kanggo kok Reng...!!"

Gareng :
"Masih ngono..., mbok yoo'o ojok ngrombeng buku sekolah ...!!"

Mbilung :
"Wis kadung petheng bek'e athine Wak Jo ...!!"

Petruk :
"Sing penthing lak yoo oleh hasil tah akhire...!!"

Bagong :
"He'e, isok digawe seneng-seneng duwik'e ambek Wak Jo sak iki ...!!"

Gareng :
"Kapan aku tau oleh togel Truk ...?! Mosok melok awak'mu ping limo ora tau oleh babar pisan ...!!"

Petruk :
"Penogel iku kudhu sabar ..., sak iki gak oleh ..., sopo ero meneh oleh...!!
Meneh gak oleh..., sopo ero meneh'ne maneh baru oleh ...!!"

Gareng :
"Iyo ..., bolak-balik gak oleh isok kari sarung penguk'ku iki sing isok tak dol !!"

Petruk :
"Hehehe ....!!"

Koyok ngono iku keadaan'ne deso Karang Tumaritis sak jok'e Togel mlebu deso, gak ABRI thok sing isok mlebu deso. Tuwo-enom, lanang-wedhok, gedhe-cilik podho keranjingan tombok'an nomer iku mau. Sampek-sampek jarang onok wong turu. Sakben bengi yoo koyok ngono mau. Podho ngumpul mbahas nomer sing bakalan methu meneh.

Ki Lurah Semar sampek nebah dodone. Sangking prihatine ndelok warga deso'e koyok ngono. Bolak-balik ngekek'i pengertian nang warga deso, kok malah diguyu, diulok-ulokno koyok wong alim-alimmo'ae.

Warga deso wis ora tunduk patuh maneh karo Ki Lurah Semar,amergo golek duwek nggawe coro tombok'an togel iku gak rekoso. Ora perlu ngetok'no tenogo ambek keringet. Sopo sing jitu masang nomer're yoo iku uwong sing oleh keberuntungan. Pokok'e koyok ngono sak iki prinsipe wong deso Karang Tumaritis kabeh.

BERSAMBUNG NANG SERI LORO