Jumat, 28 Mei 2010

KETIBAN APES SERI TERAKHIR Read Only



Sambungan seri sing pungkasan ...

Ndelok ngarepe onok arek wedhok, Petruk mlakune rodok cepet. Bagong sing onok mburine sampek kejungkel-jungkel amergo petheng.

Petruk :
"Wek... cewek !!Plok...plok...plok !! (Celuk Petruk ambek keplok-keplok)

Wong wedhok sing diceluk Petruk ora semaur opo meneh noleh. Dhewek'ne terus'ae ngacir. Padahal panggonane kuburan iku petheng dhedhet. Tapi kepenak'ae wong wedhok mlaku. Koyok uwis apal dalane'ae ...

Bagong :
"Truk...., engkok dhisik Truk ...!! Entheno'no aku Truk ....!! Wuaduh sampek sandal jepitku pedhot Truk ...!!"

Petruk :
"Cepatan tah lah Gong ...!! Cewek iku engkok isok ilang ...!!"

Bagong :
"Iyo... iyo Truk ...!! Lha sandalku pedhot koyok ngene' jare ...!!"

Petruk :
"Buak'en ae sandal uwis pedhot kok isik mbok gawe'ae ...!! Engkok tak tukok'no nang pasar malam kono ...!!"

Bagong :
"Ikh ..., sandal sialan !!"

Petruk :
"Cepet Gong ...!! Cewek iku mau uwis tekok lawangan kuburan kono !!"

Bagong :
"Endhi sih Truk !! Aku gak kethok cewek'e !!"

Petruk :
"Moto'mu ombone sak lapangan yoo gak kethok arek wedhok Gong !! Lha iko lho arek'e !!" (duding Petruk arah nang lawang metune kuburan deso.

Bagong :
"Opo sing putih-putih iko tah Truk ?!"

Petruk :
Iyo ...!! Iku arek wedhok Gong !! Ayu pisan arek'e mau !!"

Bagong :
"Aku gak weruh rupane Truk ?!"

Petruk :
"Yoo matamu iku coplok'en Gong !! Mosok arek ayu koyok ngono koen gak ngerti !!"

Bagong :
"Lha... petheng'e koyok ngene jare Truk ...!!"

Petruk
"Ayo Gong !! Arek'e uwis metu soko lawang kuburan ....!! Ayo mlayu Gong !!
Wek cewek....!!"

Petruk akhire playon bengi-bengi njero kuburan. Bagong sing awak'e sak kepel melok kejungkel-jungkel ngethot'no playone Petruk. Tekok lawang metu kuburan deso, playune si-Petruk tambah banter. Bagong sing nyobak ngimbangi playu'ne Petruk sak-kal keglondong-glondong.

Sangking bantere Petruk olehe melayu, akhire Petruk kurang sak ithik wis nang mburi'ne arek wedhok kelambi putih iku. Tapi njelalah ....

Petruk :
"Lho..., nang endhi arek wedhok klambi putih iku mau ....!! Lha..., kok aneh liwat ngisor uwit trembesi iki sak kal dhewek'ne ilang ...!! Mengok nang endhi arek iku mau ?!" (Petruk clingak-clinguk ngisore uwit trembesi).

Bagong sing keglondong-glondong amergo kesandung watu akhire isok nyosol Petruk. Ambek'kane ngos-ngosan koyok wedhos.

Bagong :
"Lha... endhi arek'e Truk !! Hos... hos.... hos...!!"

Petruk ugo ambek'khane ngongsrong koyok celeng digeropyok uwong kampong, mek isok tolah-toleh koyok kebo kopok'en nang ngisore trembesi.

Petruk :
"Emboh Gong !! Aneh..., cewek iku mau dumadak ilang sak uwise menggok onok ngisor uwit trembesi iki ...!!

Bagong :
"Ojok guyon koen Truk !!"

Petruk :
"Sumpah Gong...!! Isok ngilang arek wedhok iku mau ?!"

Bagong :
"Ojok guyon lho Truk ...!!"

Petruk :
"Sing guyon sopo Gong !! Arek iku mau uwis tak uber kurang sak ithik wis kesosol...!! Lha... kok moro-moro ngilang sak uwise menggok uwit iki Gong !!

Bagong :
"Berarti ...!!"

Petruk :
"Opo Gong ....?!"

Bagong :
"Be..be...berartiii ...!!"

Petruk :
"Berarti opo sih Gong ...!! Kok maleh merinding guluku iki ....?!"

Bagong :
"Ikh...ikh.. iku... mau du... du... dudhuk menungso Truk ...!!"

Petruk :
"Ops....opo mak... maksuud ... muuu Gong...!!"

Bagong :
"Sun... sun... sundel ...!!"

Petruk :
"Sun ...sun... del... op...opoo... Gong ?!"

Bagong :
"Sudel bolong.....!!"

Petruk :
"Hah...!! Sun...sundel booloong.....!! Ayok mlayuuu Gong ....!!"

Bagong :
"Juangkriikkk .....!! Sundel boloooong ....."

Petruk :
"Cepetan Gong ....!! Ayok melayu mrono Gong ....!!"

Bagong :
"Truk....!! Entheno'no aku Truk.....!!"

Akhire wong loro sing mbethik iku keplayon-playon kewedhen. Petruk sing jangkane ombo playune sipat kuping bantere. Opo sing onok ngarepe diterabas. Emboh iku watu, tanduran. opo maneh telethong'e sapi uwis gak diurus. Sing penthing isok slamet pikire dhewek'ne.

Tapi seje maneh ambek Bagong, sing cikile cekak... Jangkane mung sak imit. Playune kalah banter karo pithik. Amergo sangking wedhine ..., playune dianggep uwis meh podho karo kucing nguber tikus...

Pokok'e apes... apes tenan wong loro iku ...
Syokor kapokmu kapan Truk...
Jongor koen Gong ....
Rasakno koen kabeh sak iki...
Babras kabeh dengkolmu sak iki...
Uwong kok nglithis'se koyok ngono ....

TAMAT COI ....