Kamis, 28 Juli 2011

"MANGAN OPO ENGKOK.....?!"



Syairan Wong Keluwen :

Uwis ora onok opo-opo.....
Kabeh uwis ora onok...
Uwis ora nduwe opo-opo....
Kabeh uwis ora nduwe...

Uwis ora onok sing dijagak'no....
Uwis ora onok sing disimpen....
Uwis ora onok sing kependhem....
Uwis ora onok sing dikeplek'no...

Beras ora nduwe....
Gulo kopi ora ngombe...
Opo sing isih isok gawe ngiseni cangkem...??
Opo sing isih isok gawe mareki wetheng...??

Mangan opo aku engkok....?!
Mangan opo bojoku engkok...?!
Mangan opo anak-anakku engkok....?!
Mangan opo yoo keluargaku engkok....?!

Kebutuhan tansoyo akeh....
Rego'ne sembako tansoyo gedhe...
Kebutuhan tansoyo tambah...
Rego'ne sembako tansoyo mblarah...

Opo toh iki sing diarani tahun tirakat...
Isok mangan mung olehe berkat...
Opo toh iki sing diarani tahun paceklik...
Isok mangan mung olehe sak ithik....

Nyedaki wulan suci ...
Atiku kok ora tambah bersih....
Nyedaki wulan suci...
Pikiranku kok tambah sedih...

Duh Gusti Kang Maha Suci...
Duh Gusti Kang Maringi Rejeki...
Nyuwun Agung'e pangaksami....
Nyuwun jembare akal lan budi...

Kangge amal ibadah...
Kawula di wulan suci...
Kangge amal bakti...
Kawula marang Gusti...

aaaamiiiin..........!!"