Senin, 18 Juli 2011

SUMONGGO MBELAH DUREN


WARNING...
Sensor Bagi Yang Belum Cukup Umur...!!

Nyonggo dagu lungguh ijen...
Kelingan karo jaman wis biyen...
Nalika mancik dadi temanten...
Ngawe blangkon koyok Pak Raden...

Ngandeng prawan saka Sragen...
Oleh kenalan saka derenten...
Nalika tiba mergo kewedhen...
Mergo onok uwong ngamuk ngepruki jerigen...

Sak iki wis pada nyanding dadi temanten...
Lungguh wong loro keberan korden...
Dulang-dulangan sega iwak sarden...
Mesem-ngguyu didelok wong leladen...

Ora kerasa onok sing metungul
Sing gedhene koyok ganden...
Apene metu nyubo ucul...
Untung'e kalingan marang setagen....

Uwis aku ora kesuwen...
Perawan Sragen tak tinggal ijen...
Mlebu kamar mengkurep nang amben...
Amergo ongkep aku ora kelamben...

Ora nyongko bojoku melu nututi munggah amben...
Ugo melu-melu nyoplok baju ora klamben...
Uwis ora perlu kesuwen....
Uwis ora perlu taren...

Mumpung podho ora kelamben...
Mumpung uwis cemepak nang ndukur amben...
Aku nyubo mulai mbelah duren...
Koyok uwong mangan berkat sesajen...

Pikiranku mung ke-isen....
"Lapo kok ora ket biyen-biyen...
Olehe aku dadi temanten....
Rasa'ne gurih koyok jajan kenduren...."