Rabu, 13 Juli 2011

RATAPAN UWONG KEPEPET ....?!


WARNING....
Jangan Dibaca Bila Anda Suka Mencela !!

Desa Karang Tumaritis....
Bengi jam 11 ding.... dong...!!
Petruk mlaku koyok maling diuber-uber uwong kampung...

Ambekane mbesosol koyok sepur dosol....
Unine koyok mengkene :
" ..... mak ubrus...ubrus cus....
mak ubrus... ubrus cus...."
Moto'ne jelalatan....
Noleh kiwo-tengen dalanan petheng sing diliwati'ne...
Ngarep-ngarep isok papasan karo konco-koncone...
Utawo salah sijine uwong kampung bengi iku...

Tapi...., seprono-seprene dewekne ora ketemu menungso babar pisan...
Amergo.... udan deres sore iku mau...
Ndadek'no uwong sak panunggalane podo wegah metu saka omah....
Podho aras-arasen ngeluyur....
Luwe kepenak yen podho uwis kemulan....
Penak maneh yen podho kelon ambek bojone....
Utowo ongkang-ongkang sikil ambek ndelok sinetron lan film nang televisi...

Warung'e cak Bawor sing biasane isek rame dayoh pecandu kopi...
Lha kok melok-melok pethengan....
Bakol rokok ngarep warung ugo melok-melok ora dodolan....
Iki kampung opo kuburan toh yooo.....
(Gremengan mesra Den mas si-Petruk).

Uwis ngenthek'no keringet sak jerigen olehe ngubengi desa....
Kok yoo ora ketemu konco babar pisan....
Nang endhi kabeh arek-arek iku....
Kadhung gregeten tak obong kampung iki engkok...
(Den mas Petruk mulai gregeten dewe)

Yen aku nyekel duwit wae kok yoo podho ngumpul....
Podho ndu'sel rukun koyok tape nang njero tumbu....
Podho pliket'te... yoo podho bosok'e....
Ngumpul.... rapet turu satu sarung...
Melungker senasib nang njero gerdu....

Tapi....
Yen aku ora nyekel duwit babar sak ripis'so...
Ora onok sing podho ndulit...
Ora onok sing podho njawil...
Ora onok sing podho metungul irunge...

Koyok mengkene rasa'ne...
Dadi uwong sing kepepet golek duit utangan....
Anak podho loro kabeh....
Bojo atene nglair'no....

Sambat sedulur...
Podho ora onok sing nduwe...
Njaluk uwong tuwo ora mentala....
Ndodhok omah'e morotuwo isok disawat setriko....

Golek menyang endhi yoo kepenak'e...
Nyeleh tangga kiwo omah engkok diaggep ora nduwe dugo...
Nyeleh tangga tengen omah oleh-olehe mengko srengen...
Nyeleh tangga ngarep omah ora isok dikarep'no hasile...
Nyeleh tangga mburi omah podho wedhi yen ora tak sauri....

Nasib.... nasib....
Wayah nyekel duit kok malah tak gawe foya-foya...
Wayah nyekel duit kok malah aku kake'an pola...
Wayah nduwe duit kok malah tak gawe kredit...
Wayah nduwe duit kok malah aku ora isok irit...

Uwis ora isok mikir maneh aku....
Judeg....deg pikiranku...
Mlaku wae sak paran-paran...
Sopo ngerti ketemu barang alus...
Sing isok menehi aku emas gedhene sak gerdu....

....... (true story bagi mereka yang benar-benar pernah mengalami kata "Kepepet")