Senin, 26 September 2011

TUKANG URUT


Ngudo Roso :
Awak koe Rek.....!!

Bengi iku....,
Mas Gatot Koco lumah-lumah ndukur mbalai....
Ngenceng'no awak jarene....
Bolak-balik sambatan kesel....
Maklum dadi "petugas lalu-lintas" nang kota Suroboyo ora gampang tugase...

Sak'ben ndino kudhu budhal petheng...
Sak durung'e srengenge ngge'reng....
Balik mulih kudhu surup....
Sak uwise srenge'nge mulai ngiyup....

Opo maneh oleh tugas tambahan....
Kudhu nglembur ngaman'no dalanan....
Opo maneh ketekan dayoh wong penting sing nggowo "kepentingan"
Durung maneh ngaman'no "demo" sing nggowo "suara genting"....
Mas Gatot Koco "wajib pulang malam" ...

Dilakoni sakben ndino....
Dilakoni puluhan tahun....
Demi kewajiban dadi aparat...
Demi tugas pengabdian marang negoro....

Sak iki kari kesele...
Sak iki kari remek'e...
Butuh uwong sing isok mijet....
Butuh uwong sing isok ngurut (tukang urut)....

Supaya awak mbalik seger....
Rupa mbalik bunder...
Supaya awak mbalik gak melungker...
Rupa mbalik angker....

Gak suwe teko si tukang ngurut...
Wajahe mbesengut....
Janggut manggut-manggut....
Uwis tuwek sing kasebut "mbah buyut"
Ora suwe....
"Aduh.... Akh !! Kurang ngisor....!!
Yoo iku sing enak....!!
Nyaman tak kanak.......!!"