Senin, 28 Januari 2013

NARKOBA

Blog Punakawan Suroboyo

NGUDO ROSO :

Goro-goro narkoba ...
Bekakas sing nggowo bebaya ...
Uwis semebyar nang  jagat alam raya ...
Ora perduli pawongan enom lan tuwa ...

Semebyare nggawe aneka cara ...
Saka negara Alengka lan Manca ...
Liwat darat, laut, lan dirgantara ...
Tumekan saka jeroane menusia  ...

Sak goblok-gobloke menungso ...
Yoo kuwi sing nyuba nggawe narkoba ...
Sak o'on-o'one menungso ...
Yoo kuwi sing ngincipi narkoba ...

Uwis ero narkoba kuwi  larangane negaro ...
Uwis ero narkoba kuwi pantangane agamo ...
Uwis ero narkoba kuwi ngentekno dunyo ...
Uwis ero narkoba kuwi nyedaki  bongko ...

Ngono kuwi isik wae siro untal ...
Tumekan tekani pati sing kayal-kayal ...
Nyungsep nang lemah koyok kadal ...
Amergo nyowo siro uwis budhal ...

Nang akherat siro bakalan di-laknat ...
Karo Malaekat sing motone papat  ....
Nang akherat siro bakalan di-damprat ...
Karo Malaekat dijejeli geranat ...

Rasakno balungan siro podho  muncrat sak arat-arat ...
Malaekat motone papat tambah semangat ...
Rasakno awak siro podho ajur mumur korat-karit ...
Malaekat motone papat tambah kerat-kerit ...  

Syukur....Rasakno siro sak iki ...
Siro kakean pola ...
Siro kakean tingkah ...
Pokal gawe ngicipi narkoba ...
.
....... see you tommorow again !!