Senin, 30 Agustus 2010

NYEDAKI RIYAYA...


PASEMONAN :


Soro'e dadi rakyat jelata...
Urip mung kelunta-lunta...
Sakben ndino koyok kewan melata...
Njagok'no koyok peminta-minta...



Opo maneh nyedaki Riyoyo...
Ora onok sing dijagak'no...
Ora isok tuku celono...
Ora isok tuku busono...
Ora isok nukok'no morotuwo...

Dino Riyoyo...
Isok mangan'ae uwis syukur...
Isok njajan'ae uwis makmur...
Ora ndelok uwong sing ndukur...
Ora ndelok barang sing ora ke-ukur...

Dino Riyoyo...
Mung isok kokor-kokor...
Mung isok sujud syukur...
Mung isok ndawak'no tafakur...
Mung isok turu ndengkur...

Dino Riyoyo...
Digawe ngilang'no pikiran sing ngelantur...
Digawe ngilang'no pikiran sing ngawur...
Digawe ngilang'no pikiran sing campur-bawur...
Digawe ngilang'no pikiran sing takabur...

Dino Riyoyo...
Cukup mung isok mangan bubur...
Saka woh-wohan sing isok di-tandur...
Ndadek'no awak tambah subur...
Pikiran tentrem urip yoo makmur...

(Ngudo Roso)

Kamis, 26 Agustus 2010

THR


BENING'E ROSO :

Ojok menthang-menthang dadi juragan...
Sing mung isok lungguh methingkrang...
Ojok menthang-menthang dadi majikan...
Sing mung isok menehi kerja'an...

Buruh iku yoo menungso...
Dhudhuk kebo...
Kuli iku yoo pribadi...
Dhudhuk sapi...
Tukang iku yoo uwong...
Dhuduk terong...
Karyawan iku yoo insan...
Dhuduk kewan...

Weneh ono bayaran'ne...
Sak dhurung'e keringete garing...
Weneh ono gaji'ne...
Sak dhurung'e nafase siji-siji...
Weneh ono upah'ne...
Sak dhurung'e moleh...

Gawe ngiseni wetheng'e sing luwe...
Gawe mblanjani anak-bojone sing ngentheni pangan...
Gawe sangu moleh nang ndeso'ne...
Gawe ngrumat wong tuwo'ne sing uwis jompo...
Gawe menuhi kebutuhan'ne sak senenge...

Ojok sampek kowe sita...
Ndadek'no uripmu cilaka...
Ojok sampek kowe hambat...
Ndadek'no uripmu kuwalat...

Nyah...nyoh...
iki lho bayaran'mu...
Iki lho THR-mu...
Gawe gampang...
Gawe lego lilo'ne...
Kabeh sing urip nang alam dunyo...

(Ngudo Roso)

SEGO BUNGKUSAN


SYAIRAN CAK PETRUK :

Mung sak pinchuk...
Kadhang kebungkus godhong...
Kadhang kebungkus koran...
Ukuranmu tetep mung sak pinchuk...

Tapi isok nggawe mareme ati...
Amarga mareki wetheng...
Tapi isok nggawe meringise lambe...
Amarga cangkem ke-bungkem...

Soko luwe'ne wetheng...
Sing njaluk disumpel...
Soko kepingin'ne cangkem...
Sing njaluk disumpet...

Soko tuntutan'ne jero'an...
Sing njaluk ditambal...
Soko umek'e urip-uripan...
Sing njaluk di-je'jeli...

Cukup sego pethang kephel...
Sing kebungkus godhong gedhang...
Cukup sego telung kephel...
Sing kebungkus godhong jati...

Cukup sego rong kephel...
Sing kebungkus kertas koran...
Cukup sego sak kephel...
Sing kebungkus koran bekas...

Dipangan para kuli...
Sing mari ngedhuk kali...
Dipangan para santri...
Sing podho moleh ngaji...

Dipangan para tukang...
Sing mari mbenak'no lawang...
Dipangan para pedagang...
Sing mari ngeduk'no barang...

Lungguh kursi...
Lungguh keloso...
Awak kuru kurang gizi...
Ora usah ngersulo...

(Ngudo Roso)

GOLEK DUIT


ATUR GREMENGAN CAK BAGONG :



Yen dipikir ora onok entek'e...
Yen diangen-angen tambah ora ngreken...
Yen diuber-uber ora bakalan nyidak...
Yen di-saut ora bakal onok sing nyangkut...


Nggawe cara sing bener malah dadi uwong kalah...
Nggawe cara sing salah malah dadi uwong menang...
Nggawe cara sing lurus malah dadi bengkong...
Nggawe cara sing bengkong malah dadi lurus...

Diewangi mangkat petheng bali surup...
Diewangi mangkat bersih bali blepotan...
Diewangi mangkat terhormat bali gak kerumat...
Diewangi mangkat memuji Gusti bali mungkiri Gusti...

Gedhene' sak piro bobotmu...
Gedhene' sak piro kuwasamu...
Gedhene' sak piro ajimu...
Gedhene' sak piro kesaktianmu...

Tansoyo akeh sing podho nguber...
Tansoyo akeh sing podho ngrebut...
Tansoyo akeh sing podho keblinger...
Tansoyo akeh sing podho semrawut...

Oleh sak ithik isik kurang...
Opo maneh ora oleh...
Oleh akheh jare'ne isik kurang...
Opo maneh isik oleh sak ithik...

(Ngudo Roso)

UDAN TANGIS


Sepiro jeru'ne samudera...
Isik kalah karo jeru'ne relung ati...
Sepiro jembare bumi..
Isik kalah karo jembare pamikiran...
Sepiro dhukure mega raya...
Isik kalah karo dhukure angen-angen.
Sepiro tebel'le lapisan langit sa-pitu...
Isik kalah karo tebel'le tuntutan urip.

Sak'ben ndino mung onok ngersula...
Sak'ben ndino mung onok ngudo roso...
Sak'ben ndino mung onok roso ora lilo...
Sak'ben ndino mung onok howo angkoro...

Gawe marem'me daya...
Gawe marem'me roso...
Gawe marem'me pangerten...
Gawe marem'me ati...

Ngawe lelaku ugal...
Ngawe lelaku mbedugal...
Ngawe lelaku nyimpang...
Ngawe lelaku setan...

Tanpo nyenyuwun...
Tanpo memuji...
Tanpo se-syukur...
Tanpo se-sembah...

Marang Gusti sing nggawe urip...
Marang Gusti sing sugih peparing...
Marang Gusti sing sugih wewelas...
Marang Gusti sing nggawe urip...

Mung isok mecicil...
Mung isok nggerundel...
Mung isok lakak-lakak...
Mung isok jejeritan...

Gak iling tangise ati...
Jemlerit krungu nang alam ghaib...
Disakseni para dedemit...
Sing podho nyedhak ngolek murid...

(Ngudo Roso)

Senin, 23 Agustus 2010

GOLEK SANDANG PANGAN


GELALI LEGI JARENE MAS GARENG :

Pancene golek sandang pangan jaman saiki ambek biyen bedo banget...
Jaman saiki tansoyo angel, rekoso, ngoyoh, tur akeh sing padha ngawe cara sing ora lumrah...
Akeh uwong sing mbelani ngesot, nggedibal, ngenthit, sedot kono-kene, golek rai, adu domba, njerumusno koncone, lan liyan-liyane cara...

Seje ambek biyen...
Sembarang rodhok murah..., upah kerjo yoo imbang gawe nyukupi kebutuhan...
Cukup sing dipangan...
Cukup sing di-sandang...
Pangonan ngiyop yoo onok...
Uwis pokok'e lumrahe menungso urip...

Opo amergo pengaruh "mobilitas" dadi kahanan koyok ngene...
Opo amergo "perdagangan global" lan "pasar bebas" sing mbarah'i...
Opo mergo "keterbukaan lan arus informasi" sing ndadhek'no kahanan iki...
Opo toh amergo "perubahan sosial" sing ora isok di-imbangi masyarakat ...

Krungu-krungu'ne...
Iki lho "modernisasi....."
Iki lho "industrialisasi...."
Iki lho "universalisme...."
Iki lho "metropolitanisme...."
Iki lho "miliniumisme...."

Sing isok ndadekno anak lali wong tuwo...
Sing isok ndadekno dhulur lali kadang...
Sing isok ndadekno roso kalah karo tego...
Sing isok ndadekno ikhlas kalah karo pamrih...
Sing isok ndadekno deso dadi kota....
Sing isok ndadekno surgo dadi neroko...

Kabeh podho dadi wong sombong...
Kabeh podho dadi wong linglung...
Kabeh podho dadi wong gemblung...
Kabeh podho dadi wong adigang-adigung...

Gak perduli onok wong mbambung...
Gak perduli onok wong busung...
Gak perduli onok wong kesandung...
Gak perduli onok wong njaluk ditulung...

Sing penting awak'e isok munggah panggung...
Sing penting awak'e isok dadi wong agung...
Sing penting awak'e isok menehi penthung...
Sing penting awak'e isok ngrokoti balung...

(Ngudo Roso....)

KENEK PHK


WEWARAH :

Pirang-pirang ndino Petruk susah pikirane. Awak'e sampek kuru koyok bodine' kucing'e.
Sing dipikir akeh... Koyok kebutuhan keluarga sing nggak onok entek'e..
Uwis anak'e akeh, bojo bolak-balik metheng... ditambah dhewek'ne mari kenek PHK..
Rasan'ne koyok bumi jungkir-walik keterjang lindu uripe si-Petruk.

Sakben ndino penggawean'ne mung ngelamun'ae nang ngisore uwit jambu sing onok ngarep omahe... Senggowang, tenger-tenger ambek senden uwit jambu. Bolak-balik pikiran'ne nerawang dino-dino wektu awak'e isik nyambut gawe nang pabrik omplong...
Koyok ngak percoyo ambek kenyataan yen awak'e isok kenek PHK...
Opo salah'e.... Opo alasan'ne...
Krungu-krungu kabar jarene "Pengurangan Tenaga Kerja"...., onok sing jare'ne ngarani "efisiensi Kerja" lan liyan-liyan'ne istilah sing podho tembe akhiri...

Apene golek kerjoan nglamar nang pabrik liyo..., tapi umur uwis ketuwek'en.
Apene njaluk tulung konco-konco... kok yoo podho nasib'e...
Apene njaluk moro tuwo sungkan...
Apene njaluk wong tuwo uwis gak onok...

Noleh nengen gak onok sing diangen-angen...
Noleh kiwo uwis gak ditungguk wong tuwo...
Noleh ngarep gak onok sing diarep-arep...
Noleh mburi... urip'e sing paling keri...

Ndelok bojo mbobot tuwek sampek nggak kerumat...
Ndelok anak akeh podho ora kopen...
Ndelok wakol kosong...
Ndelok senthong mlompong...
Ndelok genthong mengkurep...
Ndelok isin-isen omah wis podho ketegep...

Kabeh uwis kadol kabeh gawe kebutuhan mbendino...
Kabeh uwis podho keruwat gawe sawatan...
Kabeh uwis podho asat nglethek...
Kabeh uwis podho kosong mlompong...

Koyok pikirane Petruk sing ora weruh arah...
Koyok pikirane Petruk sing uwis ora genah...
Koyok pikirane Petruk sing mbelarah...
Koyok pikirane Petruk sing ruwet koyok bola ruwet...

Cobo dhulur....
Yen sampeyan oleh nasib koyok sing di-alami mas Petruk...
Cobo dhulur....
Piye budi-dayamu yen koyok mengkono ....
Piye dhulur ....??

(Ngudo Roso....)

Minggu, 22 Agustus 2010

UDAN GETIH


MAS BAGONG MBESOSOL :

"Oalaaah....!!
Onok-onok wae gejala alam dunyo jaman saiki...
Kok onok udan sing warna'ne koyok getih...
Kuwi pertondo opo yoo..??

Opo bener tah dunyo iku uwis nyedaki dino kiamat...
Waduuh... yen bener bakal ciloko uwong sak dunyo iki...
Yen koyok ngono ayoo dhulur kabeh ndang podho siap-siap...!!
Siap tobat, siap ngamal sing akeh..., siap sembahyang..., siap njaluk sepuro nang wong tuwomu dhewe..., siap gak gelem tumindak sing aneh-aneh..., pokok'e siap opo wae sing mambu kabecikan urip nang alam dunyo....

Mboh bener mboh gak...!!
Wong awak'e dhewe kabeh mung wong goblok...
Ilmu mung sak tengu (tumo) wae ora perlu sombong...
Nduwe kapinteran sing ora barokah wae uwis dipamer'no mrono-mrene...
Yen kedadean kiamat beneran apa kabeh uwis siap...
Sembahyang wae isik belang blonteng...
Opo maneh poso..., pikiran'ne isik arep-arep buko mangan opo...
Ngamal ugo ngono... isih onok pamrih sing diarep-arep...
Pokok'e gambaran pertondo uwong munafik kabeh isik cumenthel nang awak'e dhewe kabeh...

Tinimbang durung siap... luwih becik ndang duwe persiapan mulai sak iki...
Sopo ngerti kiamat mengko di sebul terompet'te ambek malaikat Izroil wayah bengi, meneh isuk..., utowo emben ngarep...
Sing penthing awak'e dhewe uwis nduwe persiapan mboh sak ithik mboh akeh...
Pokok'e uwis siap... titik !!

Uwis yoo... !! Kok dadi aku sing ngecembeng koyok kyai...
Nuturi sampeyan kabeh....
Lah aku dhewe wae isik durung patek dadi wong bener...
Mung isok mbesosol ngerteni kahanan sing koyok ngono kuwi...
Bakalan onok opo maneh yoo... Tondo-tondo keanehan nang alam dunyo iki engkok...
Ayoo dhulur aku tak pamit dhisik...
Pikiren omelanku mau kanthi sing waskito...
Mbok bilih onok kesalahan yoo podho disepuro...
Lah wong aku yoo mung urun rembug bebuko babagan udan getih sing di siar'no nang TV wingi awan...
Nuwun ....